Wb/jv/Kawruh bab kéwan lan manungsa/Kéwan mawa ragangan

Golongan gedhé I: kéwan mawa ragangan.

Kéwan mawa ragangan iku sing dadi pikuwaté balung lan balung nom. Awaké ing sisih dhuwur ana sarafé baku: sungsum ula-ula lan otak; ing sisih ngisor ana piranti ambekan, piranti ngilèkaké getih lan piranti ngejur pangan. Akèhé anggotané 4, 2 utawa 0.

Kéwan mawa ragangan kapérang dadi 5 golongan:

  1. kéwan nusoni, kayata: jaran, tikus, lawa, iwak lodan.
  2. manuk, kayata: dara, glathik.
  3. kéwan rumangkang (kéwan rèptil) kayata: ula, cecak, bajul, bulus.
  4. kéwan kang urip ing alam loro (kéwan amfibi), kayata: kodhok.
  5. iwak, kayata: cucut (hiyu), welut.

Kéwan mawa ragangan iku awaké ana 3 pérangan: endhas, gembung lan anggota. Endhas lan gembung gandhèng sarana gulu. Anggota iku béda-béda wanguné, adhapur sikil, tangan, suwiwi utawa kèpèt.

Pérangan awak kéwan edit