Wb/jv/Kawruh bab kéwan lan manungsa/Kéwan mawa ragangan/Daging

Daging

Balung iku bisané obah, maega diobahaké déning daging.

Daging iku gandhèng kukuh karo kendhangan balung sarana otot daging, warnané putih. Saben daging wanguné ngadhal meteng. Daging iku klumpuké serat-serat; yèn digodhog seraté katon cetha.

Daging abang sing lumrah (kayata iwak sapi) iku diarani daging sing kawengku ing karep, sebab obahé mung sarana pakon. Upama daging sikil, tumandangé ing gawé, yèn dikarepaké; dadi daging mau ana gandhèngé karo otak.

Daging sing rumeksa marang obahing jantung, kebuk, wadhuk, usus lan liya-liyané ora mengkono. Daging mau warnané abang enom, ana gandhèngé karo sungsum ula-ula, sarta ora kawengku ing karep.

Gandhèngé daging-daging karo otak lan sungsum ula-ula sarana tali-rasa.