Wb/jv/Kawruh bab kéwan lan manungsa/Kéwan mawa ragangan/Prabot mbuwang

Prabot mbuwang

Sarining pangan iku ana sing kobong ing sajroning awak. Ing kono nganakaké bong-bongan. Iku iya katut ing ilining getih, banjur kawetokaké saka ing awak.

Ginjel iku piranti kanggo ngetokaké reregeding awak (upama bong-bongan) lan banyu saka ing getih. Uyuh iku mili saka ing ginjel menyang ing usus uyuh.

Banyu lan rereged sing saka getih iya akèh sing kawetokaké sarana klanjer kringet ing kulit.