Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Silah-silahing tembung

Tembung ing basa Indonesia diarani kata. Tembung iku swara lan campurané swara kang metu seka pocapan. Tembung uga nduwé teges gabungané aksara kang nduwé teges ing sawijining basa.

JinisEdit

Yen dideleng garis umumé, tembung kapérang dadi rong jinis:

Aktif/pasifEdit

Miturut aktif utawa orané tembung Jawa kapérang dadi loro:

Miturut wewangunan tembungEdit

Yèn disawang miturut wewangunané, Basa Jawa kuwi ana manéka warna tembung:

GolonganEdit

Miturut golongané tembung ana 11 werna:

1.Tembung aran (kata benda) Tuladha (contoh): - kayu - gedhang (pisang) - montor (mobil) - iwak (ikan) - sesawangan (pemandangan) - kaluputan (kesalahan)

2. Tembung kriya (kata kerja) a. Kriya tandhuk (kata kerja aktif) Tuladha (contoh): - mangan (makan) - mlaku (jalan) - nyawang (melihat) - turu (tidur) - nembang (menyanyi) - mlaku (berjalan) - adus (mandi) b. Kriya tanggap (kata kerja pasif) Tuladha (contoh): - dipangan (dimakan) - disawang (dilihat) - dituroni (ditiduri) - ditembangké (dinyanyikan) - dlakoni (dijalani) - didusi (dimandikan)

3. Tembung sesulih (kata ganti) Tuladha (contoh): - aku - ku - kowé (kamu) - mu - kita - dhèwèké (dia)

4. Tembung wilangan (kata bilangan) Tuladha (contoh): - siji (satu) - sethithik (sedikit) - pitu (tujuh) - separo (separuh) - akeh (banyak) - sepasang (sepasang)

5. Tembung sipat (kata sifat) Tuladha (contoh): - éndah (indah) - kuning - énak - bunder (bundar) - pait (pahit) - papak (rata)

6. Tembung katrangan (kata keterangan) Tuladha (contoh): - banter (cepat) - wis (sudah) - rikat (cepat) - ngarep (depan) - kasèp (terlambat) - ésuk (pagi)

7. Tembung panguwuh (kata seru) Tuladha (contoh): - adhuh - lho - biyuh - wah - owalah - hayo

8. Tembung sandhangan (kata sandang) Tuladha (contoh): - Ki - Radèn - Kyai - Sang - Kya - Ditya

9. Tembung penggandheng (lantara) - ing - saka - menyang

10. Tembung panyambung (kata sambung) Tuladha (contoh): - lan (dan) - déné, éwadéné (sedangkan) - kaliyan (dengan) - minangka (sebagai) - tur (dan juga) - nanging (tetapi)

11. Tembung pangarep (kata depan) Tuladha (contoh): - ing (di) - sing (yang) - katur (kepada) - kang (yang) - menyang (ke) - yèn (jika)