Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Tembung éntar
Tembung éntar iku tembung kang tegesé ora salugune (kata kiasan). Tembung éntar iki kagunaaké kanggo éndahing basa. Wong-wong tuwa jaman mbiyen asring nggunaaké kanggo ngatonaké kaprigelan basa.
Coba panjenengan pirsani tembung dawa ususé. Tembung iki ora banjur nduwé arti ususé wong kuwi dawa. Lunyu ilaté uga ora banjur nduwé arti ana wong plèsèdan nang ilat. Dawa ususé iku kanggo nggambaraké wong kang sabar tanpa wilangan, kaya usus kang dawa. Déné yèn lunyu ilaté iku kango wong sing gampang omongané nanging ora bisa dipercaya kabenerané.
Sajroning lakuné jaman, ana kalané tembung éntar bisa dadi tembung lingga. Pujangga iku seka tembung Bhujangga kang tegesé ula utawa sawer. Nah, wong sing seneng ngrakit ukara kang éndah kaya diupamaaké ula kang nduwé ilat loro. Mbiyèné, tembung iki kanggo ngécé. Nanging, saiki tembung pujangga wis ora ana thok-kliweré klawan ula manèh.
Tembung sor iku artiné ngisor (ing jaman saiki). Tembung ngisor sejatiné seka ing sor. nanging coba panjenengan penggalih tembung ngasoraké. Tembung iki yèn diartèaké kanthi wantah dadi nduwé arti gawé sawijining barang/wong ing sor. Ing basa Jawa Modern, ngasoraké" tegesé ngalahaké. Tembung andhahan sing asliné tembung éntar iku banjur dadi tembung andhahan kang lumrah waé.