Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Tembung garba

Tembung garba yaiku tembung kang asline seka tembung loro (2) utawa luwih kang dadi wujud anyar.

Upamane:

  • ana + ing = anèng
  • siti + inggil = sitinggil
  • nara + indra = narendra

Tembung kaya ngéné iki lumrah ana ing basa ngendi waé. Éwa semana, ing basa Jawa Kuno lan Tengahan, tembung garba akèh digunaaké ing tetembangan. Para ahli purbakala migunaaké uga kanggo ngira-ira jeneng lan tetembungan jaman lawas.

Conto liyané:

  • kawi + indra = kawindra
  • prapta + ing = praptèng