Wp/osi/Jawa Wétan

< Wp‎ | osi
Wp > osi > Jawa Wétan

Jawa Wètan (Carakan: ꦗꦮꦮꦺꦠꦤ꧀, basa Indonésia: Jawa Timur) iku salah siji propinsi ring Indonésia. Propinsi iki anané ring pucuk wètan Pulo Jawa, Pulo Madura lan Pulo Bawéan uga dadi perangan propinsi iki. Kutha praja propinsi iki yaiku kutha Surabaya hang uga dadi kutha paling gedhé kaping 2 sak Indonésia. Propinsi iki duwé wera 47,799,75 km2 uga dadi propinsi paling gedhé sak Pulo Jawa hang didum dadi 38 kabupatèn / kutha lan Kabupatèn Banyuwangi dadi kabupatèn hang paling gedhé telatahé. Propinsi dipanggoni 39,3 juta uwong hang dadi propinsi paling pol dipanggoni uwong kaping 2 sak Indonésia sak marine Jawa Kulon[1].

Lambang

Dhémografi edit

Jumlah penduduk Jawa Wètan taun 2018 yaiku 39,3 juta uwong lan kepadatan penduduk 884 uwong/km2. Kabupatèn hang paling akeh ring propinsi Jawa Wètan yaiku Kabupatèn Malang hang dipanggoni 2.576.596 uwong lan kutha hang paling akeh yaiku kutha Surabaya hang dipanggoni 2.874,699 uwong, laju pertumbuhan penduduk per taun 2017 yaiku 0,56%[2].

Suku edit

Mayoritas penduduk Jawa Wètan iku Suku Jawa, naming etnis ring Jawa Wètan lebih werna-wrna, Suku Jawa semebar ring mèh kabèh telatah Jawa Wètan daratan. Suku Madura ana ring Pulo Madura, uga ana ring telatah Tapal Jaran (Jawa Wètan perangan wètan) utamané ring telatah pesisir lor lan kidul, wong Madura semebar pisan ring kabeh telatah Pulo Jawa lan umumé megawé ring sektor informal. Suku Bawèan ana ring Pulo Bawèan hang ana ring lor Kabupatèn Gresik. Suku Tengger semebar ring Pegunungan Tengger lan sak ubengé. Suku Using manggon ring sebagian telatah Kabupatèn Banyuwangi, lan Suku Samin manggon ring pedalaman Kabupatèn Bojonegoro.

Suku-suku liyané kayata etnis Cino, Arab, lan Melayu uga ana lan umumé manggon ring daerah kutha.

Géograpi edit

Wates-wates telatah Jawa Wétan yaiku ana Segara Jawa ring pinggir lor, Selat Bali ring pinggir wétan, Segara Hindia ring pinggir kidul, lan Propinsi Jawa Tengah ring pinggir kuloné. Telatah Jawa Wétan uga ditambahi pulo-pulo liya sak ubengané kayata Pulo Madura, Pulo Bawéan, Pulo Kangéan lan pulo-pulo cilik ring Laut Jawa kayata Kepuloan Masalembu, lan ring Segara Hindia kayata Pulo Sempu lan Nusa Barung. Wéra bentangan kulon-ngétané sekitar 400 km, kadung bentangan lor-kidulé sekitar 200 km naming pinggir wétané lebih ciut yaiku sekitar 60 km.

Secara fisiografi telatah Propinsi Jawa Wétan bisa dikelumpukaken ring telu kawasan: kawasan kidul (plato), kawasan tengah (gunung berapi), kawasan lor (lipatan). Ledhok lan lemah dhuwur ring tengah (teka Kabupatèn Ngawi, Kabupatèn Blitar, Malang, sampè Kabupatèn Bondowoso duwé lemah hang subur, kadhung pinggir loré (teka Kabupatèn Bojonegoro, Kabupatèn Tuban, Kabupatèn Gresik, sampè Pulo Madura ana Pegunungan Kapur Lor lan Pegunungan Kendeng hang lebih bera.

Pérangan tengahé gemelar pegunungan berapi kayata Gunung Lawu (3.265 mèter) hang kewatesan langsung ambi Jawa Tengah, ring wètan-lorÉ Madiun ana Gunung Wilis (2.169 mèter) lan Gunung Liman (2.563 mèter). Ana pisan kelompok Pegununga Anjasmoro hang duwé puncak-puncak kayata Gunung Arjuno (3.339 mèter), Gunung Welirang (3.1156 mèter)Gunung Anjasmoro (2.277 mèter), Gunung Kawi (2.551 mèter), lan Gunung Kelud (1.731 mèter) hang gemelar teka Kabupatèn Kediri, Kabupatèn Blitar, Kabupatèn Malang, Kabupatèn Mojokerto, lan Kabupatèn Jombang.

Ana pisan kelompok Pegunungan Tengger hang duwé puncak kayata Gunung Bromo (2.329 mèter), Gunung Semèru (3.676 mèter), Gunung Semèru lan puncaké hang diarani Mahamèru iku gunung paling dhuwur ring Pulo Jawa. Ring telatah Tapal Jaran ana loro kelompok pegunungan: Pegunungan Iyang ambi puncaké Gunung Argopuro (3.088 mèter), lan Pegunungan Ijèn hang duwé puncaké ring Gunung Raung (3.344 mèter).

Ring pinggi kidul Jawa gemelar perbukitan yaiku teka pesisir kidul Kabupatèn Pacitan, Kabupatèn Trenggalék, Kabupatèn Tulungagung, Kabupatèn Blitar, lan Malang, Pegunungan Kapur Kidul iki terusané gelaran Pegunungan Sèwu ring Yogyakarta



Rujukan edit

  1. "BPS". (2019). Jawa Timur Dalam Angka Tahun 2018
  2. "BPS". (2019). Jawa Timur Dalam Angka Tahun 2018