Wp/osi/Tapal Jaran

< Wp‎ | osi
Wp > osi > Tapal Jaran

Tapal Jaran iku aran telatah paling wètan ring Propinsi Jawa Wètan. Telatah iku diarani Tapal Jaran, kerana wujudé kadhung dideleng teka péta persis kaya tapalé jaran. Telatah iki saiki termasuk dadi wilayah Kabupatèn Pasuruan (bucu wètan), Kabupatèn Probolinggo, Kabupatèn Lumajang, Kabupatèn Jember, Kabupatèn Situbondo, Kabupatèn Bondowoso, lan Kabupatèn Banyuwangi[1]. Panyebutan telatah iki using dadi panyebutan formal administratip taping biasané mung dinggo bedakaken sajarah, budaya, lan gambaran wujud utawa lumahing bumi, dikawiti teka Pegunungan Tengger sak wètane sampè bablas pesisir wètan Pulo Jawa[2] hang dawa ngulon ngètané 180 km.

Géograpi edit

Telatah pucuk wètané Pulo Jawa iki beda ambi telatah Jawa liyané, telatah iki umumé lebih kurang udan, lemahé atos utawa sing subur, lan sing duwé kali gedhé[3]. Wujud lemahing buminé duwé akeh pegunungan / dataran duwur, ring sisi kuloné ana Pegunungan Tengger (termasuk Gunung Bromo lan Gunung Semeru hang dadi pucuk paling duwuré Pulo Jawa), ring tengahé ana Pegunungan Iyang Argapura, lan ring sisi wètané ana Pegunungan Ijèn[4].

Masio wilayahé akeh diisi pegunungan, tapal jaran uga duwé sisi / panggonan subur ring lembah sak ubengé kali / banyu hang bisa dimanpaataken dadi persawahan lan dukung pangané masyarakat yaiku ring Semenanjung Blambangan, sisi wètan-kidulé telatah iki[5].

Rujukan edit

  1. Sholeh, Anwar (1 September 2014). "Sejarah Tapal Kuda di Kawasan Jawa Timur" (in Indonesian). Pesantren Zainul Hasan Genggong.
  2. Hefner, Robert W. (18 December 1990b). The Political Economy of Mountain Java: An Interpretive History. University of California Press. ISBN 978-0-520-91376-9.
  3. Hefner, Robert W. (January 1990a). Hindu Javanese: Tengger Tradition and Islam. Princeton University Press. ISBN 0-691-02856-7.
  4. Sholeh, Anwar (1 September 2014). "Sejarah Tapal Kuda di Kawasan Jawa Timur" (in Indonesian). Pesantren Zainul Hasan Genggong.
  5. Hefner, Robert W. (January 1990a). Hindu Javanese: Tengger Tradition and Islam. Princeton University Press. ISBN 0-691-02856-7.