Wp/osi/Segara Hindia

< Wp‎ | osi
Wp > osi > Segara Hindia

Segara Hindia utawa Segara India (Bahasa Indonésia: Samudra Hindia, Bahasa Inggris: Indian Ocean) hang uga moncér lan kasebut Segara Kidul kususé ring masyarakat Jawa, iku kumpulan banyu paling akèh ketelu sak donya, wèrané nyerungkupi 70,560,000 km2 (27,240,000 sq mi) utawa setara 19.8% jumbulané banyu sak donya[1]. Ring pinggir lor kewatesan ambi Buwana Asia, ring pinggir kuloné ana Buwana Afrika, ring pinggir wètané ana Buwana Australia, lan ring pinggir kidulé ana Buwana Antartika[2].

Wujud Segara Hindia kadhung dideleng teka satelit

Bengèn, Segara Hindia magih jarang dijelajahi lan dipelajari kususé sak durunge International Indian Ocean Expedition ring kawitan taun 1960an, sak durungé iku mung ana sitik laporan penjelajah hang tau njelajahi Segara Hindia naming datané magih cumpèn kayata Ekspedisi Challenger ring taun 1872-1876 hang mung ngomongaken pinggir kidul donya hang mèpèt telatah kutub kidul. Uga ana Ekspedisi Valvidia taun 1898-1899 hang nganakaken penelitian biologi, taun 1930 ana Ekspedisi John Murray hang akèh neliti habitat banyu cethèk, Ekspedisi Swedish Deep Sea taun 1947-1948 hang uga neliti kahanan biologis segara iku ring bagian jelajah donyané, ana pisan Danish Galathea hang neliti panguripan dhasar segara teka Sri Lanka sampé Afrika Kidul ring taun 1950-1952[3].

Rujukan edit

  1. Eakins, B.W.; Sharman, G.F. (2010). "Volumes of the World's Oceans from ETOPO1". Boulder, CO: NOAA National Geophysical Data Center. Retrieved 25 July 2015.
  2. "'Indian Ocean' — Merriam-Webster Dictionary Online". Retrieved 7 July 2012. ocean E of Africa, S of Asia, W of Australia, & N of Antarctica area ab 73,427,795 square kilometres (28,350,630 sq mi)
  3. Demopoulos, A. W.; Smith, C. R.; Tyler, P. A. (2003). "The deep Indian Ocean floor". In Tyler, P. A. (ed.). Ecosystems of the world. 28. Ecosystems of the deep oceans. Amsterdam, The Netherlands: Elsevier. pp. 219–237. ISBN 978-0-444-82619-0.