Wb/jv/Paugeran nulis Aksara Jawa/Sandhangan
Minangka sawijining abugida utawa alphasyllabary kabèh aksara Hanacaraka iku sacara otomatis wis ngandhut swara [a]. Contoné ing aksara Hanacaraka ora ana simbul sing nglambangaké uni /k/ anané (ꦏ). Nanging swara a iki bisa diganti lan diowahi mawa tandha diakritis. Tandha-tandha diakritis iki ing basa Jawa diarani sandhangan. Ing aksara Hanacaraka ana telung jenis sandhangan: sandhangan swara, panyigeging wanda lan wyanjana.
Sandhangan swara
editSandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ inadhuwuring sawijining aksara.
- Wulu (ꦸ) ngowahi swara dadi /i/.
- Suku (ꦶ) ngowahi swara dadi /u/.
- Pepet (ꦼ) ngowahi swara dadi /ě/.
- Taling (ꦺ) ngowahi swara dadi /é/ utawa /è/. Taling iki ditulis ing sisih kiwa sawijining aksara.
- Taling tarung (ꦺꦴ) ngowahi swara dadi /o/. Taling tarung iki ditulis ing sisih kiwa lan tengen sawijining aksara.
Sandhangan panyigeging wanda
editSandhangan wyanjana
editKombinasi
editSawetara sandhangan saka kategori sing séjé-séjé bisa digabungaké ping siji kanggo ngasilaké wanda sing luwih njlimet. Contoné, ka, wulu, cakra, lan cecak bisa digabung kanggo ngasilaké wanda /kriŋ/ ("kring").