Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Dhialèk/Dhialèk Blora/Mak bedunduk

Bareng wis dadi mahasiswa nèng universitas sing paling misuwur sak donya yaiku Universitas Gajahmada, Mariyun saikiné dadi sangsaya diwasa. Liyané sregeb kuliah, dhèwèké uga aktif nèng organisasi mahasiswa. Olahraga mènèk gunung ya isih dilakoni angger ana wektu rodok senggang utawa liburan dawa. Apa enèh jurusané nèng Fakultas Kehutanan ya ancèn cocok tenan karo hobiné blusak blusuk mlebu alas, ngiras motrèk lan nliti tanduran utawa kéwan kang urip ing sajroning alas. Apa enèh ning alas tropis kang dadi habitaté mèh rong protelon kéwan lan spèsies tanduran ing donya, iku paling sering diambah. Sakèhing thukulan tanduran dipotrèk kanggo bahan studi utawa gawé makalah. Semana uga sakèhé kéwan, rena-rena ordo pholidota kaya trenggiling (Paramanis javanica), ngantèk diplopoda kaya kluwing (Millipede), uga semut (formicidae) lan jingklong, kabèh didokumèntasi tenanan ora mok angger-anggeran utawa gagah-gagahan koyok jamané ijèk ndhik ijèk sekolah nèng mBora mbengèn. Kampusé nèng mBulaksumur ancèn ya dipepaki nganggo alas barang dadi para mahasiswa sing arep praktèk gak athik lunga adoh-adoh.

Mbokngonoa ya ora mbendina nlasak-nlasak alas. Jenengé aé cah enom, kadhangkala ya ijèk kober "wakuncar" niliki cinta monyèté sing jenengé Nastiti. Nastiti saiki mondhok nèng asrama mahasiswi Shantikara sing dunungé ana ing dalan Colombo, cedhak Kampung Sagan. Jenengé aé asrama putri, angger ana sing teka wakuncar ya mesthi ana aé sing jail utawa kadhang-kadhang nggosip. Apa enèh Nastiti iku kepétung rodok melèk dhéwé, dadi pantes aé nèk akèh mahasiswa sing dha ngesir lan golèk siasat supaya bisa nyedhaki Nastiti. Genti-gentèn aé sing teka anjok asrama nakokna Nastiti, kadhang cah Ékonomi, kadang cah Hukum. Angger Selasa soré sing ngapèli jenengé Andika, kancané sak jurusan asli ka Tasikmalaya. Bocahé ancèn kutu buku, kacamatané kandel, senengané dhiskusi. Dadi nèk apèl iku kawitané sinau bareng nanging suwé-suwé dadi èkèr-èkèran. Lha piyé wong padha pinteré, ora ana sing gelem ngalah. Jan-jané si Andika iku ya nggantheng, malah dadi idolané mahasiswi nèng kampus, nanging Nastiti mok nganggep kanca débat lan sinau bareng, ora patèk ngrèwès nèk Andika kadhangkala rodok "nyrèmpèt bahaya" sithik-sithik. Tan kocapa, angger Andika dhong apèl, kanca-kanca asramané Nastiti mesthi pating sliwer, menawa karepé arep dha golèk perhatian, nanging Andika kétoké ora klènggut.

Saka jurusan liya sing gawéné apèl iku ana sing jengené Bachtiar, asal saka Sumatra Barat. Wongé gagah, aktif nèng organisasi, malah dadi anggota senat mahasiswa lan ketua organisasi pemuda. Pisanané ndolani Nastiti ya mok rundang rundhing soal organisasi, wong Nastiti iku ancèn njabat dadi sekretaris organisasi, nanging suwé suwé ya rodok "menjurus". Lha wong bocahé gagah tur gaul, ya mesthi aé Bachtiar iku mahasiswa sing populèr. Angger mahasiswi sing dijaki barengan biasané terus semrinthil. Nanging anèhé Nastiti malahan ora patèk nanggapi.


Sing kegolong rodok sregeb pecungal-pecungul nèng asrama iku jenengé Ganda, kanca lawas mbengèn nalika ijèk sekolah nèng SMA mBlora. Kawit jaman cilikané mula Ganda iku jané pinter ning kesèd sinau, ngantèk wis dadi mahasiswa ya ijèk tetep kesèd, dadi IPné ya ancèn rodok ndrawasi. Senajan kesèd, Ganda iku wongé gemati, lan isa ngemong kanca-kancané. Apa enèh karo Nastiti, paribasané lèhé njaga koyok njaga gelas kristal, jan diéman tenanan. Mula ora gumun nèk Nastiti krasa mesakké, lan angger thik mèlok nyemangati supaya Ganda aja ngantèk mothol kuliahé nanging terus sinau bèn isa lulus. Saka rasa mesakaké, suwéning-suwé kok njuk tuwuh rasa, yakuwi menawa sing jenengé witing tresna jalaran kulina. Malah meneng-meneng Nastiti karo Ganda wis dha duwé krenteg arep sèriusan.

Mariyun sing blas kethiplas gak roh dhadhèh lan gak roh kenthang kimpulé ya ora ngeh nèk saikiné wis duwé saingan. Sawijining dina, pas senggang dina Setu awan Mariyun njajal mampir asramané Nastiti. Pèh wis suwé dha ra ketemu cah loro maeng ya terus umyek ngobrol ngalor ngidul karo nostalgia ndik jamané ijèk sekolah ning mBlora mbengèn kaé. Nanging saiba kagèté Mariyun bareng mak bedunduk ning ngarep lawang ujug-ujug mecungul Ganda, kanca lawasé. Nastiti ya rodok klejingan lan salah tingkah, déné Ganda mok kukur-kukur endhasé sing jané ogak gatel blas. Sing kamitenggengen ya Mariyun, ngantèk suwi ogak isa omong merga kagèt, isané mok alok: "Loh kowé nggolèki sapa nDa??" Ganda kukur-kukur enèh karo glagepan njawab : "Anuu.. ar..arep nyilèh diktat,.. ndik ingi gak mlebu kuliahé pak Wisnu#@..?!" Ndelok sikapé Nastiti sing salah tingkah maeng Mariyun terus nggraita nèk mesthi ana apa-apané cah loro iki. Karo mulèh nèng pondhokané Mariyun atiné nelangsa karo mbatin: Nastiti..Nastiti, tega emen kowé karo aku. Dhasar nasib sobèk, mbengèn kalah karo pak Guritna, éé saiki malah kalah karo Ganda....

Kamus cekak edit

angger thik = tiap kali anjok = tekan = sampai gak athik = gak usah jingklong = lemut = nyamuk maeng = mau = tadi mbengèn = dulu ndhik = nèng = di nèk anu = kadang-kadang nyilèh = nyilih = pinjam ogak = gak = ora = tidak pèh = mentang-mentang/karena rodok = rada = agak sobèk = sial

Deleng uga edit