Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Dhialèk/Dhialèk Blora

< Wb‎ | jv‎ | Kawruh Basa Jawa‎ | Dhialèk
Wb > jv > Kawruh Basa Jawa > Dhialèk > Dhialèk Blora

Dhialèk Blora iku sawijining dhialèk basa Jawa sing dipituturaké ing Kabupaten Blora lan tlatah sakubengé klebu sawetara tlatah Jawa Wétan sing wewatesan karo Jawa Tengah, utamané ing daérah Padhangan, Bojonegoro. Wilayah Blora pancèn adoh saka punjering Jawa Tengah lan ngrupaaké tapel wates karo wilayah Jawa Wétan mula ora anèh yèn dhialek Blora kuwi ora pati alus kaya basa Jawa sing apunjer ing Kutha Surakarta lan Kutha Ngayogyakarta. Sakliyané kena pengaruh geografis arupa tlatah pesisir, perkembangan dhialek Blora uga akèh éntuk pengaruh saka basa Jawa Wetanan.

Sakbeneré dhialèk Blora mono uga ora pati béda karo dhialèk Jawa Tengah liyane, mung ana sawetara istilah kang nyata nyata khas Blora, umpamané:

  • nDak iya "lèh"?? (kira kira pada karo "Masak iya sih").
  • Piye "lèh" iki?? Kok "ogak" "mulèh-mulèh", malah dha neng ngisor "greng"??
  • Nèng kéné hawané "anyep", wetengku wis "lesu".
  • Wis ndang di"genjong", "engko" selak masuk angin.

Beda edit

Bédané dhialèk Blora karo dhialèk Jawa umume :

Akhiran "uh" dadi "oh" edit

Contoné:

  • abuh dadi aboh
  • butuh dadi butoh
  • embuh dadi emboh
  • lungguh dadi lunggoh
  • mungguh dadi munggoh
  • ngunduh dadi ngundoh
  • suruh dadi suroh
  • sepuluh dadi sepuloh
  • utuh dadi utoh

Akhiran "ih" dadi "èh" edit

contoné:

  • batih dadi batèh
  • gurih dadi gurèh
  • kluwih dadi kluwèh
  • malih dadi malèh
  • mulih dadi mulèh
  • sugih dadi sugèh
  • sapih dadi sapèh
  • putih dadi putèh

Akhiran "mu" dadi "em" edit

Sing artine hal milik, contoné:

  • anakmu = anakem
  • anggikmu = anggikem
  • bojomu = bojoem
  • dhapurmu = dhapurem
  • karepmu = karepem
  • klambimu = klambiem
  • omahmu = omahem

Istilah liyané edit

ambèk = karo | ampo = panganan soko lempung (marahi gegelen) | anyep = adhem | biting = sada | briga-brigi = bedhigasan | ceblok = jatuh | digenjong = diangkat/dibopong | dhuwik = duit | engko = mengko | gendul = botol | énjoh = kodak = iso (ngono thok ae kok gak enjoh, ndak piye koe iku ??) ; (koe iku piye leh? ngono tok ae gak enjoh) | gablek = nduwe | Greng = dhompolan pring | jingklong = lemut = nyamuk | jeblok = pentong = berlumpur | kelar = kuat (contone: ora kelar ngglewet = ora kuat obah) | lebi = tutup (lawange ndhang di lebi, selak jingklonge mlebu) | leket = lelet = ora cepet-cepet | lesu = ngelih | mbelak = pinter | mbiluk = pinter banget | lodhong = stoples | mèk = njupuk | mèlok = melu | menga = ora ditutup (lawang) | mulèh = mulih | njuk = njaluk | ndahnéya = ndahleya = "ora bakal klakon" | ndara ya = mestine | ndhenger = ngerti | ngglèwèt = obah | Ogak = ora | petita-petiti = briga brigi | penging = ora entuk = dilarang | plekoto = peksa | sitok = sicok = siji | suker = becek | suwal = sruwal = kathok = clono | wedhi = lemah

Tuladha carita nganggo tembung dhialèk Blora edit