Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Dhialèk

< Wb‎ | jv‎ | Kawruh Basa Jawa
Wb > jv > Kawruh Basa Jawa > Dhialèk
Dhialèk-dhialèk basa Jawa

Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial (sosiolek) sing dibagi miturut hirarkhi saka kasar tekan alus dadi :

  • ngoko
  • madya
  • krama

ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton

  • bagongan (dianggo neng kraton ngayogyakarta adiningrat)
  • kedhaton (dianggo neng kraton surakarta adiningrat)
  • basa walikan (basa Jawa prokem)

inggih punika basa sing diganti aksara konsonane miturut urutan honocoroko. contone : Dagadu ( artine matamu), Jape methe (artine cahe dewe), lsp.

Saliyané kuwi, ana dhialèk sing didasarke tlatahe lan ora sekabehe dhialèk Jawa kuwi dimangarteni karo kabeh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacakaé pamérangan miturut sawetara pakar ahli basa Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Saliyané iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar péta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para pakar iki rada séjé lan ora sarujuk siji lan sijiné.

Pamérangan Poerwadarminta edit

Miturut Poerwadarminta dhialèk-dhialèk kuwi ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa (1953:2):

  1. Dhialèk Banten
  2. Dhialèk Cirebon
  3. Dhialèk Banyumas lan Tegal
  4. Dhialèk Bagelèn
  5. Dhialèk Ngayogyakarta lan Kedhu
  6. Dhialèk Surakarta, Madiyun lan Semarang
  7. Dhialèk Rembang
  8. Dhialèk Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)
  9. Dhialèk Malang-Pasuruhan
  10. Dhialèk Banyuwangi

Pamérangan Uhlenbeck edit

Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), dikelompokaké dadi 3 (telung) rumpun yaiku :

Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.

Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa baku.

  • Rumpun basa Jawa wetanan :
    • Dhialèk Tuban-Bojonegoro
    • Dhialèk Surabayan
    • Dialèk Malangan
    • Dhialèk Lumajang
    • Dialèk Tengger
    • Basa Osing Banyuwangen

Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa timuran.

Pamérangan Wurm lan Hattori edit

Wurm lan Hattori (1983:39) mérang dhialèk-dhialèk basa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 bagiyan:

  1. Dhialèk Banten
  2. Dhialèk Lor-Kulonan
  3. Dhialèk Manuk
  4. Dhialèk Cerbon
  5. Dhialèk Kulonan-Tengah
  6. Dhialèk Wétanan
  7. Dhialèk "Regional Jawa ing Banyuwangi"[1]

Cathetan sikil edit

  1. Sajatiné sing dikarepaké iku dhialèk Jawa-Osing.