Wb/jv/Dolanan/Dolanan tanpa tembang/Umbul

Umbul iku sajinis dolanan tradisional kanggo bocah cilik (umumé bocah lanang) sing migunakaké gambar. Pirantiné arupa "gambar", yaiu gambar-gambar sing dikethok-kethok pesagi, biasané gambar wayang. Gambar sing didol umumé isih lembaran amba isi kurang luwih 50 gambar. Banjur lembaran gedhé mau di guntingi dadi gambar cilik-cilik. Saben gambar ana nomeré, yaiku 1 nganti 50 sing dunungé ana ing pojok gambar.

Carané edit

Sing jenengé "umbul" kuwi saben bocah setor sak lembar gambar, sing diarani gacu utawa gacuk. Sawisé diklumpukaké déning salah siji (bandar) gambar-gambar banjur diuncalaké mendhuwur bebarengan. Bareng wis tiba ing lemah endi gambar gacu sing tibané mlumah ( gambaré madhep mendhuwur), kuwi sing menang. Kabèh gambar sing mengkurep dadi duwèké sing menang. Yèn gambar sing mlumah luwih saka siji, umbul diterusaké manèh mligi kanggo gambar-gambar sing mlumah waé ( puteran kaloro) nganti mung ana siji gambar sing mlumah lan ya kuwi pamain sing menang.

Delengen uga edit