Wb/jv/Dolanan

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Dolanan
  1. Dolanan nganggo tembang
  2. Dolanan tanpa tembang

Atur Pambuka edit

Tanah Jawa nduwé sejarah kang dawa. Akeh cathetan seka manca nagara kang bisa gawé sengsem yèn panggonan iki nduwé kabudhayan kang tuwa umuré. Cathetan seka wong Jawa dhéwé ora kalah akèhé. Akèh buku babad kang tinulis seka jaman sing wis tininggal nganti tekan saiki.

Ananging, cathetan kang magepokan karo dolanan bisa diarani sethithik. Apa manèh yèn cathetan kuwi ing jaman mbiyén, nalika wong-wong luwih seneng nulis crita kanthi tetembangan. Buku iki, mbok menawa, bisa dadi pangéling-éling yèn tanah Jawa nduwé dolanan kang akèh. Lakuné jaman, ana kalané ngilangi dolanan kang naté ana. Akèh dolanan kuwi kang isih lestari dienggo bocah-bocah ndesa ing karang padesan. Ana dolanan sing pancèn bener-bener anyar, ana uga dolanan kang wis kabusak jaman.