Wb/jv/Dolanan/Dolanan tanpa tembang/Adu jangkrik

Wb > jv > Dolanan > Dolanan tanpa tembang > Adu jangkrik

Bocah-bocah sing urip ing padésan asring dolan ing sawah. Ing kéné, akèh jangkrik kang bisa dicekel lan dienggo dolanan. Nalika bubar panèn, sawah dadi garing lan jangkrik-jangkrik gampang digolèki.

Saliyané diingu kanggo dirungoaké swarané (bisa ngusir tikus), jangkrik sok diadu. Jangkrik-jangkrik mau disimpen ing kandhang sing digawé seka pring. Kaya umumé ngadu kéwan, sing kéwané kalah utawa malah mati kuwi sing dianggep kalah.