Wp/osi/Telatah Istimèwa Yogyakarta

< Wp‎ | osi
Wp > osi > Telatah Istimèwa Yogyakarta

Telatah Istimèwa Yogyakarta (Basa Jawa: ꦝꦲꦺꦫꦃ​ꦆꦱ꧀ꦠꦶꦩꦺꦮ​ꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ, translit Dhaérah Istimèwa Ngayogyakarta, Basa Indonesia: Daerah Istimewa Yogyakarta) yaiku telatah istimèwa hang saktingkat propinsi ring Indonesia. Sakdurungé milu gabung ring NKRI, telatah iki dadi negara dhèwèk hang wilayahé kepecah dadi Kasultanan Yogyakarta lan Negara Kadipaten Paku Alaman. Telatah Istimèwa Yogyakarta ana ring bagian paling kidul Pulo Jawa, watesan ambi Propinsi Jawa Tengah lan Segara Hindia, telatah iki duwé wera 3.185,80 km2 hang didum dadi siji kutha madya lan papat kabupatèn yaiku:

  1. Kutha Yogyakarta
  2. Kabupatèn Bantul
  3. Kabupatèn Sleman
  4. Kabupatèn Kulonprogo
  5. Kabupatèn Gunungkidul
Tetenger-tetenger paling kesuwur ring Telatah Istimèwa Yogyakarta

Propinsi Telatah Istimèwa Yogyakarta dipanggoni 3.762.167 nyawa, 51% wong wadon lan 49% wong lanang[1].

Aran Telatah Istimèwa Yogyakarta (Basa Indonesia: Daerah Istimèwa Yogyakarta) hang kedawan dadikaken wong-wong biasa nyingkat aran dadi DI Yogyakarta utawa DIY. Telatah iki kerep dilanda bencana gedhé kayata lindu 27 Mei 2006 lan bledhosé Gunung Merapi Oktober-November 2010.

Sajarah edit

Sakdurungé Indonesia mardika, Yogyakarta dadi telatah hang duwé keperabonan dèwè utawa hang diarani Zelfbestuurlandschappen/Daerah Swapraja, yaiku Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipatèn Pakualaman. Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat didegaken ambi Pangèran Mangkubumi hang kejuluk Sultan Hamengkubuwana I ring taun 1755, kadung Kadipatèn Pakualaman didegaken ambi Pangèran Notokusumo (dulur Sultan Hamengkubuwana II) hang kejuluk Adipati Paku Alam I ring taun 1813. Pemerintah Londo ngakoni Kasultanan lan Pakualaman dadi kerajan dèwè hang ngatur perkara umah-umahané kaya hang kasebut ring perjanjian kontrak pulitik. Kontrak pulitik hang pungkasan Kasultanan ana ring Staatsblaad 1942 Nomer 47, kadung kontrak pulitik Pakualaman ana ring Staatsblaad 1941 Nomer 577. Anané keloro kerajan iku wis diakoni ambi negara-negara liya sakat titimangsa jajahan Landa, Inggris, lan Jepun. Pas Jepun ninggalaken Indonesia, keloro kerajan iku wis bisa dadi negara dèwè hang mardika, komplit sak sistem pemerèntahan, telatah, lan rakyaté.

Naming sakmariné Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia, Sri Sultan Hamengkubuwana IX lan Sri Paku Alam VIII ngutaraken niaté nang Presidèn RI kadung Kasultanan Yogyakarta lan Kadipatèn Pakualaman dadi perangan telatah Negara Republik Indonesia, dadi siji lan diarani Telatah Istimèwa Yogyakarta, Sri Sultan Hamengkubawana IX lan Sri Paku Alam VIII dadi Gubernur lan Wakil Gubernur hang duwé tanggung jawab langsung nang Presiden Republik Indonesia, kayata hang kasebut ring pira-pira naskah :

Piagam Kadudukan Sri Sultan Hamengkubuwana IX lan Sri Paku Alam VIII tanggal 19 Agustus 1945 teka Presidèn Republik Indonesia. Amanat Sri Sultan Hamengkubuwana IX lan Sri Paku Alam VIII tanggal 5 September 1945 (digawè kepisah). Amanat Sri Sultan Hamengkubawana IX lan Sri Paku Alam VIII tanggal 30 Oktober 1945 (digawè dadi siji naskah).

Ring babak sajarah mertahano kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI), DIY duwè lakon hang penting, kayata pernah dadi Kutha Praja Republik Indonesia teka tanggal 4 Januari 1946 sampé tanggal 27 Desember 1949[2]. Saiki Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat diperaboni ambi Sri Sultan Hamengkubuwana X lan Kadipatèn Pakualaman diperaboni Sri Paku Alam X hang uga dadi Gubernur lan Wakil Gubernur DIY, saiki kedudukan keloroné selain dadi kepala pemerèntah uga kelakon nguri-uri nilai budaya, adat istiadat Jawa, lan pamersatu masyarakat Yogyakarta.

Rujukan edit

  1. BPS. (2019). Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta Dalam Angka 2019
  2. Penetapan tanggal ini adalah yang sering dipergunakan secara umum, walaupun sebenarnya baru dimulai pada 6 Januari 1946 dan berakhir pada 15 Agustus 1950 sore hari. Kedua tanggal yang terakhir ini jarang digunakan dan jarang yang merujuk. Namun jika kita melihat dan membandingkan berbagai dokumen yang ada, maka akan terlihat dua tanggal yang terakhir inilah yang dipergunakan.