Wayang Kulit iku sajinising pagelaran wayang sing nrapaké bonékah-bonékah saka kulit. Jinis wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawe seka kulit kang ditatah lan dientha kaya dene manungsa. Umumé wayang kulit nggunaaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manéka warna crita liyané.
Wayang kulit dimainké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngramaaké pagelaran iki.
Panyebaran
editWayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan Nuswantara, nanging wayang iki luwih disenengi déning wong Jawa Tengah lan sapérangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané nduwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogjakarta karo Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.
Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara Televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi sok dikurangi dadi sawetara jam waé.
Uba Rampé
editCempala | : | thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon. |
Kelir | : | layar putih kang dibeber kanggo mainké wayang. |
Blencong | : | Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané senthir disulih nganggo pétromax utawa lampu listrik. |
Kepyak | : | digawé seka kuningan kanggo iringané dhalang. |
Kothak | : | wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala |
Gedebog/debog | : | kanggo tancepan wayang. |
Gamelan | : | kanggo ngiringi pagelaran. |
Simpingan
editAkèhé wayang ing kothak ora padha ing antarané dhalang siji lan liyané. Ana kang kurang seka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.
Simpingan Kiwa
editIng antarané kang ditata ana ing sisih kiwa yaiku:
|
|
Simpingan Tengen
editKang ditata ing sisih tengen diwiwiti seka wayang Brahala/Déwa Amral/Déwa Mambang dipungkasi nganggo wayang bayen.
|
|
Wayang Dhudahan
editWayang dhudahan yaiku wayang kang ora mèlu disimping nanging mung disimpen ana sajroning kotak. Biasané wayang dhudahan kuwi klebu wayang sing kerep dilakokaké déning Ki Dhalang. Contoné wayang dhudahan : 1. Dhudahan Kurawa
- Patih Sengkuni
- Pandhita Durna
- Burisrawa
- Dursasana
- Kartamarma
- Jayadrata
- Durmagati, Durgempa, Durmuka, lan sapiturute
- Aswatama
- Citraksa
- Citraksi
2. Dhudahan Pandhita lan Déwa ^ Begawan Abiyasa
- Begawan Sempani/Sapwani
- Resi Wisrawa
- Begawan Wilwuk
- Nagaraja
- Anantaboga
- Badawangananala
3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat
- Cakil
- Bragalba
- Buta Rambut Geni
- Buta Terong
4. Dhudahan Panakawan
- Semar
- Gareng
- Petruk
- Bagong
- Togog/Catugora
- Bilung/Sarawita
- Cantrik
5. Dhudahan Keparak
- Keparak/Emban ayu kembar
- Ampil-ampil
- Limbuk
- Cangik
6. Dhudahan Prajurit
- Patih Udawa
- Druwajaya
- Pragota
- Prabawa
- Patih Tuhayata
- Patih Saragupita
- Patih Adimanggala
- Patih Sabrangan
- Ampyak/Prampogan
- Wisata lan Wilmuka
- Demang Sarapadha/Cekruktuna
- Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)
- Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
- Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat
- Wayang Setanan
- Prajurit Kethek Tambak
7. Dhudahan Wanara
- Anila
- Anggada
- Jembawan
- Trigangga/Triyangga
- Kapi Anggeni
- Kapi Indrajanu
- Kapi Suwida
- Kapi Pramujabahu
- Kapi Kingkin
- Kapi Warjita/Cacingkanil
- Kapi Janulen
- Kapi Menda
- Kapi Cucak Rawun
- Kapi Saraba
8. Dhudahan Sato Kéwan
- Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
- Banteng (Andhaka)
- Macam (Simo/Sardhula)
- Ula (Sarpa/Taksaka)
- Celeng (wraha)
- Garudha
- Kidang
- Landhak
- Jaran (Kudha)
9. Dhudahan Pusaka
- Kreta Kencana
- Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)
Para Dhalang
edit- Timbul Hadi Prayitna
- Hadisugito
- Manteb Sudarsono
- Anom Suroto
- Enthus Susmono
- Narto Sabdo
- Joko Edan