Wb/jv/Wayang

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Wayang

Wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné iki ora pati akèh ditemoni.

Crita kang dilakonaké dijupuk saka épos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngéné iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa.

Ing pagelaran iku wayang ditanjepké ing debog ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Ing tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).

Sajarah edit

Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan wayang wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur.

Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.

Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."

Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wayang béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita seka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.

Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.

Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wayang kanggo nglelipur ati.

Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang manéka warna. Manéka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wayang kang paling akèh dienggo yaiku wayang kulit purwa.

Sebutan Wayang edit

Yèn dijupuk seka ukarané, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wayang dadi ora mligi bonéka kang ana wewayangané. Wayang golèk kang digawé seka kayu ora ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang.

Umumé, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawé seka tatahan kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.

Manéka Warna Wayang edit

Wayang ing tanah Jawa edit

Wayang ing tlatah liya edit

  • Wayang Betawi
  • Wayang Sundha
  • Wayang Palembang
  • Wayang Banjar
  • Wayang Bali
  • Wayang Sasak

Lakon Wayang edit

  • Wayang Purwa
  • Crita Menak
  • Crita Panji
  • Babad Tanah Jawa

Gagrag ing Tanah Jawa edit

Pagelaran wayang kang sumrambah ing tanah Jawa agawé variasi kang manéka warna. variasi utawa jinis iku kang asring sinebut gagrag. Gagrag wayang ing tanah Jawa antarané:

  • Wayang Kulit Gagrag Ngayogjakarta
  • Wayang Kulit Gagrag Surakarta
  • Wayang Kulit Gagrag Banyumasan
  • Wayang Kulit Gagrag Cirebon
  • Wayang Kulit Gagrag Jawa Wetan
  • Waang Kulit Gagrag Madura

Referensi edit

  • Pratiwimba Adhiluhung, S Haryanto, 1988
  • Kalangwan, P.J. Zoetmulder, 1983
  • Wayang, asal-usul filsafat dan masa depannya, Ir Sri Mulyono, 1975