Wb/jv/Unggah-ungguhing Basa/Basa Ngoko
Basa Ngoko kuwi tataran ing basa Jawa kang paling asor utawa endhèk. Basa ngoko bisa dipérang dadi telu yakuwi Ngoko Lugu, Ngoko Andhap lan Madya Ngoko.
Basa ngoko lugu basa sing sakabehane ditata saka tembung-tembung ngoko. Ciri-cirine yakuwi antara liya:
- Migunkake tembung: aku,kowe
- Ater-ater dak-, ko-, di-, ora owah.
- Panambang -ku, -mu, -ake ora owah.
Basa ngoko iki dipunakake wicara antara:
- Wong tuwa marang bocah, putu utawa wong enom liyane
- Wacana antara wong-wong sing sadrajad, ora migatekake kalungguhan lan yuswa. Contone antara bocah karo kanca-kancane.
- Dhuwuran marang pegawene.
- Nalika ngunandika utawa ngudarasa.
Basa ngoko andhap yaiku basa sing tembung-tembunge nganggo tembung ngoko dicampur karo tembung-tembung basa kramainggil tumrap wong sing diajak wicara. Basa ngoko andhap iki biasa dianggo dening sapa wae sing wis akrab nanging isih silih ngurmati. Ngoko Andhap diperang dadi loro yakuwi;
- Antya basa
- Basa Antya
Dina iki tataran basa ngoko antya basa isih akeh dianggo, suwalike basa antya wis arang dianggo maneh.
Basa Madya Ngoko kuwi basa sing nganggo tembung madya dicampur karo tembung-tembung ngoko. Ciri-cirine antara liya;
- Aku diowahi dadi kula
- Kowe diowahi dadi dika
- Ater-ater tak- diowahi dadi kula
- Ater-ater ko- diowahi dadi dika
- Ater-ater di- ora owah
Basa Madya Ngoko iki biasa dianggo dening wong-wong padesan utawa wong-wong pagunungan.