Unggah-ungguhing Basa kuwi paugeran kanggo nata undha usuking basa utawa pacelathon ing basa Jawa. Nalika celathu nganggo basa Jawa, saliyané kudu migatèkaké kaidah paramasastra utawa tata basa Jawa, isih kudu miturut paugeran unggah-unggihing basa supaya sarujuk marang tata susila lan ètika Jawa. Unggah-ungguhing Basa Jawa sacara umum bisa dipérang dadi telu, yakuwi:
Saliyané kang kasebut ing dhuwur isih ana manèh tataran basa kang dianggo ing kedhaton kang disebut Basa kedhaton utawa Basa Bagongan. Pamérangan unggah-ungguhing Basa Jawa kang luwih rinci kaya kasebut ing ngisor iki:
- Basa Ngoko :
- Ngoko Lugu
- Ngoko Andhap
- Basa Madya:
- Madya Ngoko
- Madya Krama
- Madyantara
- Basa Kedhaton (Bagongan)
Ing antarané tataran basa mau kang paling sering dianggo jroning pacelathon sadina-dina yakuwi Basa Ngoko, Mudha Krama, lan Krama Inggil.
Delengen uga
editWacan
edit- Dr. Aryo Bimo Setiyanto, SH, Parama Sastra Bahasa Jawa, cetakan I, Penerbit Shaida Yogyakarta, 2007 ISBN 979-25-2732-X
- Dr. Purwadi, M.Hum. et.al, Tata Bahasa Jawa, cetakan I, Penerbit Media Abadi, 2005, ISBN 979-3525-50-9