Tembang utawa lagu dolanan kuwi awujud gendhing kang prasaja lang biasa ditembangaké déning bocah cilik nalika dolanan. Nanging kadhangkala uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Cublak-cublak suwengEdit
- Cublak-cublak suweng
- Suwengé ting gulèndhèr
- Mambu ketundung gudhèl
- Pak jempol léda ledé
- Sapa nggawa ndelikaké
- Sir..sirpong dhelé gosong sir
- Sirpong dhelé gosong
Gundhul PaculEdit
- Gundhul gundhul pacul cul gembèlèngan
- Nyunggi nyunggi wakul kul gembèlèngan
- Wakul ngglimpang segané dadi sak ratan
- Wakul ngglimpang segané dadi sak ratan
JamuranEdit
- Jamuran ya gégé thok
- Jamur apa ya gégé thok
- Jamur gajih mbejijih sak ara-ara
- Sira mbadhé jamur apa
Katé dipanahEdit
- Té katé dipanah
- ndlusup-ndlusup ngisor glagah
- Ana manuk ondé-ondé
- Mbok sri bombok mbok sri katé
- Mbok sri bombok mbok sri katé
- Mbok sri bombok mbok sri katé
Kidang TalunEdit
- Kidang Talun
- Mangan kacang talun
- Mil kethemil mil kethemil
- Si kidang mangan lembayung
- Gajah belang
- Saka tanah sabrang
- Nuk regunuk nuk regunuk
- Si gajah lèmbèhan tlalé
Kupu kuwiEdit
- kupu kuwi tak cekelé (incupé)
- mung aburé ngéwuhaké
- ngalor ngidul
- ngétan bali ngulon
- mrana mréné ing saparan paran
- méncok cégrok mlabur bleber (Sapa bisa ngicupaké)
- mentas méncok cégrok
- banjur (nuli) mabur bleber
Ménthog ménthogEdit
- ménthog ménthog tak kandhani
- mung rupamu angisin isini
- mbok ya aja ngétok
- ana kandhang baé
- énak-énak ngorok
- ora nyambut gawé
- ménthog
- ménthog mung lakumu
- mégal mégol gawé guyu
Sluku sluku bathokEdit
- Sluku-sluku bathok
- Bathoké éla-élo
- Si rama menyang Solo
- Lèh-olèhé payung mutha
- Pak jentit lolo lobah
- Wong mati ora obah
- Yèn obah medèni bocah
- yen urip golea dhuwit
Suwé ora jamuEdit
- suwé ora jamu
- jamu godhong téla
- suwé ra ketemu
- ketemu pisan gawé gela:
- suwé ora jamu
- jamu godhong pacé
- suwé ra ketemu
- ketemu pisan saya ngécé