Wb/jv/Tembang/Kroncong Jawa/Kecik-kecik

< Wb‎ | jv‎ | Tembang‎ | Kroncong Jawa
Wb > jv > Tembang > Kroncong Jawa > Kecik-kecik

Kecik-kecik (kroncong)

Tèks edit

  • Kecik-kecik, keciké Manila,
  • prayogané tumrap para muda,
  • mbésuk dadi wong kang dipercaya,
  • sing becik dienggo, dibuwang barang sing ala.
    • Oooing kecik keciké Manila
    • Oooing yèn wis kasèp njur aja gela
  • Kecik-kecik, diwadhahi takir,
  • sawo kecik saka Kaliasin,
  • bengi mikir, mas, ésuk soré mikir,
  • kok ya kebangeten dipikir ora rumangsa.
    • Oooing kayuné ukir-ukiran,
    • Oooing wong manis dadi pikiran
  • Kecik-kecik, keciké Manila,
  • sawo rontog, tibané nèng banyu,
  • biyèn ngaku, mas, jaré isih jaka,
  • ning bareng ketemu, hara ta anaké wolu.
    • Oooing turu Sala payungé ilang
    • Oooing dadi dhudha aja sumelang.
  • Kecik-kecik, dicucuk podhang,
  • manuk podhang méncok uwit jagung,
  • ésuk ngadhang, mas, awan soré ngadhang,
  • bareng wis ketemu, hara ta, ra wani nembung.
    • Oooing ana grumbul dalan luwak
    • Ooing yèn wurung bejané awak.
  • Kecik-kecik, mas, kecik sawo gunung,
  • tuku srabi ing kutha Semarang,
  • urip bujang, mas, kok rasané bingung,
  • bareng arep rabi, hara ta, reregan larang.
    • Oooing keciké digondhol wulung,
    • Oooing dhuwit sithik lèh nginger bingung.

Sumber edit