Wb/jv/Kawruh basa Sangskreta

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Kawruh basa Sangskreta

Téori edit

Praktèk edit

Atur Pambuka edit

Basa Sangskreta iku sawijining basa kuna saka kulawarga basa Indo-Éropah saka ngendi akèh basa-basa ing India diturunaké. Basa Sangskreta iki senadyan asalé saka India, kawruhé kanggo wong Jawa jaman saiki wigati banget. Awit basa iki sing awèh pengaruh gedhé dhéwé marang basa Jawa. Miturut Profésor Dr. Piet Zoetmulder, kurang luwih separo saka 25.000 èntri ing bausastra Jawa Kunané (Zoetmulder 1982), iku tembung Sangskreta. Banjur miturut Profésor Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka, kawruh ing basa Sangskreta iku diperlokaké kanggo mangertèni basa Jawa jaman saiki (Poerbatjaraka 1926, dalil).


Jeneng Sangskreta iku dijupuk saka tembung saṃskṛtam sing tegesé sampurna. Basa iki sawijining basa klasik donya lan basa suci umat Hindu. Mula sok-sokan basa iki diarani devabhāṣa utawa basané para Déwa. Kanggo umat Buddhis basa Sangskreta uga kerep dienggo nulis kitab-kitab suci. Nanging kanggo umat Buddhis uga ana basa suci sijiné yaiku basa Pali.

Daftar Pustaka edit

  • (en) A. A. Macdonell. [s.a.]. A Sanskrit Grammar for Students. [s.l.]:[s.n.]. ISBN 81-246-0094-5
  • (en) Robert P. Goldman. [s.a.]. Devavāṇīpraveśikā: An Introduction to the Sanskrit Language. [s.l.]:[s.n.]. ISBN 0-944613-40-3
  • (de) Jan Gonda, 1963, Kurze Elementar-Grammatik der Sanskrit-Sprache. Leiden: E.J. Brill
  • (en) Jan Gonda, 1966, A Concise Elementary Grammar of the Sanskrit Language. Tuscaloosa and London. Translated from the German by Gordon B. Ford, jr. ISBN 0-8173-0072-2
  • (en) Monier-Williams, Monier, 1898, A Sanskrit-English Dictionary
  • (id) Haryati Soebadio, 1983, Tatabahasa Sanskerta Ringkas. Jakarta: Djambatan