Wb/jv/Dolanan/Dolanan tanpa tembang/Jilumpet

Jilumpet iku uga diarani 'petak umpet (basa Indonesia) utawa dhelikan. Dolanan iki mèh ana ing kabèh bangsa. Ing negara manca, dolanan iki disebut hide and seek

Aturané prasaja waé, yaiku ana wong siji kang jaga. Umumé nganggo saka utawa wit kanggo nunggu. Nalika kanca-kancané lunga golek papan kanggo mumpet/ndhelik, bocah sing jaga ngetung (upamané) nganti 100 karo merem. Sawisé angka genep 100, bocah sing jaga mau kudu nggoleki sing padha mumpet.

Upama bisa nemu, kudu dibengoki lan gagé mlayu nuju wit utawa saka kang dijaga mau. Upama sing jaga ndemèk panggonan mau dhisik, dhèwèké menang. Dolanan diterusaké nganti kabèh bocah ketemu. Upama ana bocah akèh sing kalah, bocah-bocah mau padha sut utawa pingsut nentoaké sapa sing kudu jaga.