Wb/jv/Dolanan/Dolanan nganggo tembang/Kidang Talun

Umumé dolanan iki dileksanaamé dening wong tuwa lan anaké. Réka-rékané kaya wayang sing nganggo tangan. Tembang Kidang Talun ditembangaké sinambi nggawé wewayangan tangan ing gedhèg/témbok seka cahya senthir/lampu. Wewayangan iku bisa dibarengaké karo dongèng "Kancil Nyolong Timun".

Kidang talun
mangan kacang, talun
mil kethemil, mil kethemil
si kidang mangan lembayung
Gajah belang
duwé anak, belang
nuk renggunuk, nuk renggunuk