Wb/jv/Dolanan/Dolanan nganggo tembang/Jamuran

Nalika wengi padhang rembulan, bocah-bocah ndesa jaman mbiyèn asring dolanan ing plataran. Plataran ing padésan rata-rata wiyar. Kahanan iki gawé bocahbocah cilik bisa nggunaaké plataran kanggo dolanan.

Bocah-bocah (udakara 7-9 bocah) padha gegandhèngan gawé bunderan. Ana sa-uwong ing tengah, kang disebut pancer utawa sing dadi. Bunderan iku mubeng, karo keplak-keplok terus nembang:

Jamuran... jamuran... ya gé gé thok
Jamur apa ya gé gé thok
(versi I)
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Semprat semprit, jamur apa?
(versi II)
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
Sira badhe jamur apa?”


Ana akèh gagrag (versi) seka baris katelu iku. Sawisé bocah-bocah ngucap "Sira mbadhé jamur apa?", sing dadi panjer ngucap sakarepé. Umpamané, sing dadi panjer ngucap "jamur kethèk mènèk", mula sing liyané banjur nyoba dadi "kethèk mènèk", yaiku mènèk wit ing sacedhaké. Si panjer ngoyak bocah sing arep mènèk. Yèn kecekel utawa ora bisa mènèk, bocah kuwi sing dadi panjer sabanjuré.

Upama si panjer ngucap "jamur payung" utawa "jamur patung", mula bocah-bocah liyané kuwi padha dadi patung kanthi tangan ndhepaplang. Bocah sing dadi panjer banjur mubeng ngithik-ithik. Sapa sing ora kuwat lan keri, bocah kuwi sing dadi panjer sabanjuré.