Template:Wb/jv/Cukilan

Cukilan buku

Nalika wengi padhang rembulan, bocah-bocah ndesa jaman mbiyèn asring dolanan ing plataran. Plataran ing padésan rata-rata wiyar. Kahanan iki gawé bocahbocah cilik bisa nggunaaké plataran kanggo dolanan. Bocah-bocah (udakara 7-9 bocah) padha gegandhèngan gawé bunderan. Ana sa-uwong ing tengah, kang disebut pancer utawa sing dadi. Bunderan iku mubeng, karo keplak-keplok terus nembang:

Jamuran... jamuran... ya gé gé thok
Jamur apa ya gé gé thok

(seka buku Dolanan)