Wp/osi/Watu Dodol

< Wp‎ | osi
Wp > osi > Watu Dodol

Watu Dodol iku aran salah sijine kawasan wisata pesisir lan dadi lawang melebuné Kabupatèn Banyuwangi teko pinggir lor. Diarani watu dodol iki kerana anané watu gedhi hang dhuwuré 6 meter ring tengah dalan lan wujudé koyo dodol (jenang). Lokasi kawasan wiasata iki sekitar 5 kilometer teko Pelabuhan Ketapang, Banyuwangi.

Mitos edit

Aran Watu Dodol edit

Jaman Blambangan mageh diperintah Minak Jinggo, pasukan Blambangan perang ngelawan Majapahit. Pasukan Blambangan ngalami kekalahan lan pasukané kabur nang pesisir lor. Salah siji prajurit Blambangan sangu jadah (dodol, yaiku jenang ketan hang wujudé lonjong sak telapak tangan), jadahé iku kelalèn lan akhiré berubah dadi Watu Dodol[1]

Kyai Semar edit

Cerita iki diperkirakan sing teko Wong Using kerana masyarakat Using sing kenal cerita pewayangan. Kyai Semar tau dagang ring panggonan iku, tapi dagangan berasé temublek dadi pasir, cingkèké nancep ring pinggiré watu hang saiki dadi wit kèlor, lan sangu banyuné temublek dadi sumber banyu tawar hang mili nang laut[2]

Rujukan edit

  1. Banyuwangi Tourism. 1998-2012. Watu Dodol: Fresh and Historical Beach in Banyuwangi
  2. Info Wisata Hotel Sejarah. 17 Februari 2013. Asal Usul Watu Dodol