Wp/osi/Suku Rejang

< Wp‎ | osi
Wp > osi > Suku Rejang

Suku Rejang yaiku suku hang netep ring wilayah kabupatén Rejang Lebong, Sumatera bagian timur propinsi Bengkulu utawa disebut wong Jang, Tun Jang utawa Rejang Empat Petulai. Iyané nyebut déwéké 'keme tun jang', "isun wong Jang", yaiku arane biksu (?) sing di anggep cikal bakalé iyané. Wong Rejang nganggep mbah buyuté iku asalé teka Jawa hang digawa karo wong papat pangeran.

Wilayah hang kecakup sebagian pegunungan Bukit Barisan. Wong Rejang seneng pisan nyebut déwéke wong Lebong. Asale teka basa telebong (ngumpul). Menurut tambo (sejarah lisan) iyane teka Bandar Cina (Palémbang, penulis) hang teka ring Pagaruyung, Sumatera Barat, lan dadi wong Minangkabau. Sebagian maning menyang lembah Ranah Sikelawi ring pegunungan Bukit Barisan, lan netep ring kana dadi wong Rejang. Sebagian maning urip nang wilayah Propinsi Sumatera Selatan, yaiku ring daérah perbatasan karo propinsi Bengkulu, tepaté ring Kabupaten Lahat. Ciriné wong lan kebudayaan Rejang ring Lahat iki pada baén karo wong Rejang ring Propinsi Bengkulu. [1]

Referensi edit

  1. Hidayah, Zulyani. Ensiklopedia Suku Bangsa di Indonesia. Jakarta. ISBN 9789794619292.