Suku Belitung teka ciri basa, asal-usul lan adat istiadaté, wong Belitung iso digolongakén ring kelompok gedi Suku Bangsa Melayu, saingga identitas kono luwih pas diarani Melayu Belitung. Wong-wong iki manggon ring Pulau Belitung, ring Kabupaten Belitung, Propinsi Sumatra Selatan.Pulau sak ombo 4.912 kilomèter persegi iki kesusun teka papat kecamatan lan telu perwakilan kecamatan yaiku Kecamatan Tanjung Pandan, Membalong, Manggar,lan Gantung, ambi perwakilan Kecamatan Selat Nasik, Simpang Pesak, lan Kelapa Kampit. Wong Melayu Belitung dhèwèk nyebut yane dhèwèk Urang Belitong. Kadhung asal-usul aran pulau ono piro-piro vèrsi. Cerito kawitané nyebutaken yaiku Belitung asalé saka aran raja Jawa, yaiku Belitung Uttunggade utawa Rake Watakura Dyah Belitung. Cerita liyane nyebutahken aran iku saka ucap bali tong utawa Bali terpotong kadhung basa Usinge Bali kepisah. Diucapno Pulau Bali kepisah merga oleh bendu teka dewa. Bagian Pulau Bali hang kintir terus disahaken ambi nelayan. Watu panggon Pulau iku disahaken sampèk saiki bisa ditemoni ring Kecamatan Membalong, hang dikenal ambi aran Batu Baginda. Sakliyane megawé ring tambang timah lan kaolin, wong Belitung hang urip ring dhaérah kuto umumé dadi pegawé. Pegawenan utama liyané yaiku nandur karèt. lada, cengkèh, kelapa. Nandur pari umumé dilakoni teka cara mbuka alas. Sakliyane ngasilaken pari, wong dhaérah iki uga nandur jagung, sawi, sabrang, lan gedhang. Pira-pira wong hang ngembangaken industri kerajinan tembikar lan penjalin utawa pandan. Pegawean liyané yaiku pandhé. Wong hang manggon ring dhaérah pesisir akèh-akèhé dadi nelayan ngembangaken pegawean nggawe jukung. Pegawean adol umumé dilakokaken ambi wong Belitung hang asalé teka keturunan Cina.
Rèferènsi
edit- ↑ Hidayah, Zulyani. Ensiklopedia suku bangsa di Indonesia. Jakarta. ISBN 9789794619292.