Wp/osi/Pendapa Sabha Swagata Blambangan

< Wp‎ | osi
Wp > osi > Pendapa Sabha Swagata Blambangan

Pendapa Sabha Swagata Blambangan iku umah dinas kanggo Bupati Banyuwangi sakat jaman pemerèntahan Bupati Joko Supaat Slamet. Sak durungé, bangunan iki dadi Kantor Bupati, bangunan iki ana sakat ngadegé Kabupaten utawa diarani Regentschap wektu jaman kolonial Walanda, utawa pas jaman pemerèntahan bupati kawitan yaiku Tumenggung Wiraguna I hang lebih kejuluk Raden Mas Alit.

Bangunan iki ana ring kawasan Taman Sritanjung hang bengèn diarani Lapangan Tegal Masjid. Penempatan arah bangunan iki bengèn diistilahaken / uga diarani sistem pemerèntahan macapat yaiku Lapangan Tegal Masjid (Taman Sritanjung) dadi panggonan ngumpulé warga (alun-alun) hang ana ring tengah, Pendapa hang dadi pusat pemerèntahan ring loré lapangan, masjid jami' (Masjid Agung Baiturrahman) ring kuloné lapangan, penjara hang dadi lambang keamanan (saiki dadi Mall Pelayanan Publik Kabupatèn Banyuwangi) ring wètan lapangan, lan Pasar Banyuwangi hang dadi pusat kegiatan ekonomi ring kidulé lapangan.