Wp/osi/Kawinan Angkat-Angkat

< Wp‎ | osi
Wp > osi > Kawinan Angkat-Angkat

Kawinan angkat-angkat iku kawinan hang dianggap ideal karo masyarakat Using merga syarat kawinan iki kudu entuk persetujuan teko kedua belah pihak. Kawinan iki pisan kudu mertimbangake bibit, bobot lan bebete calon pengantin, hang mengko bakal berpengaruh nang anak keturunane. Ono beberapa pantangan hang kudu diperhatekake pas nggolek jodoh ning masyarakat Using, salah sijine yoiku adu tumper. Adu tumper iku pantangan masyarakat Using hang ngelarang kawinan antar anak sulung. Misale onok pasangan hang ngelanggar pantangan iki, masyarakat Using percoyo kahuripan rumah tanggane bakal keneng bala. Pantangan selanjute yoiku papangan wali (kawinan anak soko loro sodara lanang kandung) lan ngrubuhake jajan sabarang (kawinan anak soko loro sodara wedhok kandung).

Supaya acara kawinan bisa lancar, kudune pihak penyelanggara nyiapake acara hang serapi mungkin lan diharapake sing ngecewakake mempelai utawa tamu undangan. Biasane kawinan masyarakat Using iku gabungan soko kawinan hang agamis lan kawinan hang sifate tradisional. Artine, ono tahapan-tahapan hang kudu dilakokake nang acara kawinan iku. Tahapan awal hang kudu calon penganten lakokno yaiku Lurudan. Podo ambi masyarakat Jawa, calon penganten mesti dipingit sakdurunge acara kawinan. Dadi calon penganten lanang lan calon penganten wedhok ora entuk metu teko omah utawa ketemu siji lan liyane. Hal iki mergane tujuan dipingit yaiku dinggo njogo keselamatan calon penganten secara fisik lan mental. Masiyo ora entuk metu teko omang, nanging ono kewajiban hang mesti dilakokke karo calon penganten yaiku lurudan (luluran). Kanggo ramuan tradisional hang wis disiapke yaiku godhong kemuning, kunyit, bedak beras, temu giring, temu ireng lan temu kuning, calon penganten kudu nggosok awake nganggo ramuan iki. Harapane, sak marine dipingit lan lurudan, calon penganten bakal ngeroso kangen lan pangling karo pasangane. Kejaba iku, sakwise nganggo lurudan aura diharapke bakal ngerubah aurane calon penganten dadi lebih sumunar. Merga iku, ramuan trandisional hang dinggo pas lurudan iku penting kanggo calon penganten. [1]

Referensi edit

  1. Isni Herawati dkk. Kearifan Lokal di Lingkungan Masyarakat Using, Kabupaten Banyuwangi, Propinsi Jawa Timur. Kementerian Kebudayaan dan Pariwisata: Yogyakarta.