Wn/jv/Wong mendhem sing tiba ing rèl sepur, bisa dislametaké wong liya

< Wn‎ | jv
Wn > jv > Wong mendhem sing tiba ing rèl sepur, bisa dislametaké wong liya

Setu, 10 Mei 2008

Rèl sepur

Sawijining priya umur 48 taun saka Den Haag, Walanda tiba saka pèron sepur ing Bandara Schiphol. Begjané ana wong mudha umur 21 taun sing weruh lan nggèrèt dhèwèké saka rèl. Nalika iku ana sepur sing arep nampani. Uga begja sang masinis bisa mandheg 15 mèter ing ngarepé. Tibakné wong sing tiba iki mendhem, dhèwèké banjur didhendha Euro 60,- (Kurang luwih Rp. 850.000,-).

Wong sing nylametaké iki diwèhi kembang karo Pulisi minangka tandha matur nuwun.

Sumber edit