23 April 2008
Manten Perdana Menteri Inggris, Tony Blair dicekel kondèktur ing sepur sing manuju Bandar Udara Heathrow, London amerga dhèwèké ora duwé tikèt. Pangawalé sajatiné arep mbayari tikèté sing regané £24.50 (kurang luwih Rp. 350.000,-) iku, nanging bareng ngerti yèn sing dicekel iku manten Perdana Menteri dadi ora sida.