Wn/jv/Sawijining wong Australia diserang iwak hiyu nanging bisa lolos nyolok matané

< Wn‎ | jv
Wn > jv > Sawijining wong Australia diserang iwak hiyu nanging bisa lolos nyolok matané

Minggu, 11 Mei 2008

Iwak hiyu putih

Sawijining wong Australia bisa lolos saka serangan hiyu sawisé nyolok matané. Wong iki sing anama Jason Cull (37 taun) lagi nglangi ing Middleton, Australia Kulon nalika weruh bayangan peteng sajroning bayu. Dhèwèké ngira weruh lumba-lumba nanging tibakné iwak hiyu sing banjur nyokot sikilé lan nggèrèt medhun. Jason banjur nyolok matané hiyu lan hiyu iki banjur nglangi lunga.

Sawisé iku Jason banjur nglangi menyang panté. Ing kono dhèwèké banjur diplayokaké menyang rumah sakit. Iwak hiyu iki nyokot pupu, lutut lan tumité nanging miturut para dhokter, Jason bisa pulih.

Sumber edit

Uga delengen edit