Senèn, 16 Juni 2008
Wiwit taun wingi, Fakultas Sastra Universitas Leiden—dipelopori sang dekan—sibuk nindakaké reorganisasi fakultas. Mungel luwih becik nyebut pambongkaran tinimbang réorganisasi amarga titik tolaké ngurangi cacahing anggota staf pamulang/panliti.
Alesané, jaréné, cacahing mahasiswa sing kadaftar saya kurang, kamangka universitas kudu nggawé kauntungan ing wangun euro. Universitas ora béda karo perusahaan.
Salah sawijining kurban paling gedhé pambongkaran iki yaiku jurusan-jurusan sing cacah mahasiswané luwih cilik tinimbang cacahing staf, antara liya Jurusan Basa lan Budaya Indonésia. Saben taun ing jurusan iki ana watara 10 mahasiswa sing ndaftar. Lan saya adoh jenjang studi, saya cilik cacah mahasiswané amarga ora kabèh mahasiswa bisa utawa gelem ngrampungaké studi tekan master. Cacah stafé ana 6,5 fte (fulltime-equivalent), kapérang saka 11 wong (ana staf sing mung dikaryakaké, umapané, kanggo 0,2 fte), lan kabèh nduwèni expertise dhéwé-dhéwé lan akèh variasiné. Staf iku antara liya kapérang saka ahli agama Hindhu, Islam, linguistik, basa dhaérah, lan linguistik Austronesia, saka Jawa Kuna lan Melayu Klasik nganti basa Minang, saka Majapahit tekan sajarah Indonésia modhèrn, saka filologi lan epigrafi tekan leksikografi.
Nyilikaké
editFakultas Sastra, ing sosok sang dekan, péngin ” nyulap” cacah tenaga fulltime 6,5 iku dadi 3,1 fte. Iki tegesé, cacah expertise-é dadi luwih cilik. Kanyatan sing gawé jurusan nduwèni jeneng ing paningaling donya antara liya yaiku amarga anané expertise sing manéka iku, saliyané sumadyané bahan-bahan kolèksi sing ora kaaji regané ing perpustakaan Universitas Leiden lan KITLV.
Luwih mrihatinaké manèh, ”nasib” guru besar khusus basa Jawa. Basa Jawa diwulangaké wiwit taun sepisanan lan arupa mata kuliah wajib. Iki siji-sijiné guru besar basa Jawa ing saindhenging dunia! Miturut rencana, senadyan ora sacara eksplisit disebutaké, ana kamungelan basa Jawa ”diilangaké” saka daftar mata kuliah wajib, utawa malah dibusak babar pisan. Ing liya pihak malah amerga ana expertise iki antara liya Leiden narik kanggo mahasiswa saka manca nagari, upamané saka Indonésia, kanggo ngrampungaké master utawa doktor ing Leiden.
Yèn cacahing expertise dicilikaké, modhal apa sing bisa dipigunakaké jurusan kanggo tetep narik mahasiswa saka manca nagari? Lan sapa sing bakal bisa nggarap/nliti kolèksi naskah-naskah kuna sing ana?
Ing zaman biyèn, nalika jurusan isih jaya, wis akèh dianakaké kerja sama antara liya karo Indonésia saéngga ana program ILDEP (Indonesian Linguistics Development Project) sing ngasilaké doktor-doktor linguistik (lan saiki akèh saka doctor-doktor iku wis dadi guru besar), ana program kerja sama ing bidang hukum, ing studi Islam, Javanologi, lan sapituruté.
Apa kajayan Jurusan Basa lan Budaya Indonésia sing tekan saiki krasa banget ing saindhenging donya bakal dadi past perfect tense lan dadi sawijining momen sajarah ing zaman biyèn sing ora bakal (tau) mijil manèh?...
Sumber
editPanulis artikel sumber: I.Supriyanto Anggota Staf Jurusan Basa lan Budaya Indonésia Universitas Leiden
- cetak.kompas.com, 16 Juni 2008