Wn/jv/Jawara Donya Italia kéyok dibesmi Walanda

< Wn‎ | jv
Wn > jv > Jawara Donya Italia kéyok dibesmi Walanda

Senèn, 9 Juni 2008

Tendhangan bébas Van Nistelrooy

Jawara Donya bal-balan, Italia bisa kéyok dikalahaké telak déning Walanda 3-0. Pagelaran main Walanda sadurungé réhat apik lan ngagèti Italia. Sawisé 15 menit, Van Nistelrooij sajatiné bisa olèh pénalti. Nanging dhèwèké tetep sportif.

Ora suwé manèh, gawang Italia kebobolan. Tendhangan Sneijder (24) sing dina iku lagi ulang taun dilebokaké Van Nistelrooij mlebu. Van Nistelrooij posisiné sajatiné off side. Nanging trio wasit weruh yèn Panucci sing posisiné sajabé lapangan nggawé gol iki sah.

Gol kapindho ora gawé dhiskusi lan dilebokaké déning Van Bronckhorst sing nendhang bal menyang sirahé Kuijt. Kuijt banjur mènèhaké bal marang Sneijder sing bisa ngegol.


Sadurungé réhat tim Azzuri katoné kaya wis arep sirna nanging sawisé siap perang manèh. Ing menit kaping-70 lan 80 mèh waé Italia ngego. Nanging panjaga gawang Walanda; Van der Sar bisa nangkep balé Grosso.

Tendhangan bébas Pirlo malahan nggawé skor 3-0. Van Bronckhorst manèh sing tumindhak lan mènèhaké bal marang Kuijt. Kuijt ora ngegol nanging nyrahaké bal ing sirahé Van Bronkhorst lan dhèwèké bisa nyundhulaké mlebu. Italia saiki wis nyerah lan begjané tendhangan Afellay lan Van Persie ora mlebu.