Wb/jv/Solanaceae

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Solanaceae

Suku térong-térongan utawa Solanaceae iku suku tanduran sing nduwé kagunan ekonomis sing apik kanggo manungsa. Tetanduran sing ana ing suku iki, kayata kenthang, tomat, sarta lombok, dadi komoditas ing sadéngah papan ing donya. Nanging, ana uga sing ngganggu (gulma).

Ciri-ciri edit

  • Umumé arupa taneman grumbul, perdu utawa wit-witan
  • gondhong tunggal/majemuk
  • Lingir godhongé nglekuk
  • kembangé kaya trompèt
  • woh arupa woh kothak[1] utawa woh buni[2]

Tuladha edit

  • Kenthang (Solanum tuberosum)
  • Tomat (Solanum lycopersicum)
  • Terong (Solanum melongena)
  • Lombok abang] (Capsicum annuum)
  • Lombok rawit (C. frutescens, C. baccatum)


Cathetan edit

  1. woh garing sejati tunggal sing wijiné akèh
  2. woh sing ana 2 lapis, yaiku:
    • Lapisan njaba sing tipis
    • Lapisan njero sing kandel mblenyèk lan mbanyu