Sekatèn kuwi adat tradhisional kanggo mapag dina kalairan Nabi Muhammmad SAW kang dianakaké ing Yogyakarta, Sala lan uga ing kutha-kutha liyané kaya ing Cirebon.
Sajarah
editIng taun 1939 Caka utawa 1477 Masehi, Raden Patah minangka Adipati Kabupaten Demak Bintara kanthi dhukungan para wali mbangun Masjid Demak. Sabanjuré, saka kasil musyawarah para wali, digelar kagiatan syiar Islam sajroning 7 dina mapag dina kalahiran Nabi Muhammad S.A.W. Supaya kagiatan mau narik kawigatèn masarakat, banjur ditabuh perangkat gamelan karya Sunan Giri ngunèkaké gendhing-gendhing kang diripta déning para wali, utamané Sunan Kalijaga.
Sawisé mèlu kagiatan mau, masarakat kang kepingin mlebu agama Islam dituntun kanggo ngucapaké kalimat syahadat (syahadatain). Saka tembung Syahadatain kuwi banjur muncul istilah Sekaten (awit saka owah-owahan pocapan). Adat Sekaten terus tuwuh lan dianakaké sacara rutin saben taun iring-iringan karo tuwuhing Krajan Demak dadi Krajan Islam. Samono uga nalika sumrambahing Krajan Islam tekan Mataram sarta nalika Krajan Islam Mataram kabagi dadi loro (Kasultanan Ngayogyakarta lan Kasunanan Surakarta) Sekaten tetep digelar sacara rutin saben taun minangka warisan budaya Islam.
Ritual Sekatèn
editIng Kasultana Ngayogyakarta, prayaan sekaten kang terus tuwuh ngrembaka intiné ana telung perkara:
1. Ditabuhé perangkat gamelan (Kanjeng Kyai Nagawilaga lan Kanjeng Kyai Guntur Madu) ing Kagungan Dalem Pagongan Masjid Agung Yogyakarta sajroning 7 dina, kajaba dina Kamis malem nganti Jemuah awan.
2. Pèngetan dina lair Nabi Besar Muhammad SAW ing tanggal 11 Mulud wengi, mapan ing serambi Kagungan Dalem Masjid Agung, kanthi wacan riwayat Nabi déning Abdi Dalem Kasultanan, para kerabat, pejabat, lan rakyat.
3. Pawèwèh sedekah Ngarsa Dalem Sampean Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan, arupa Hajad Dalem Gunungan jroning upacara Garebeg minangka upacara puncak sekatèn.
Kagiatan pendukung antara liya anané Pasar Malem Perayaan Sekaten sajroning 39 dina.