Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Modhèrn/Prapatan Cilik

Prapatan Cilik (Djudjuk S.)

mung nétramu kang mapak liwatku
ing prapatan cilik sepi
tanpa sapa aruh lan èsem guyu
ndadèkaké crita iki ora rampung
kaya kéblat prapatan cilik iki
kudu sowang-sowangan
aku njaluk ngapura
kabèh kandheg ing daluwarsa

(dipacak ing kalawarti Djaka Lodang No. 195, April 1975)