Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Modhèrn/Banjire Wis Surut

Wb > jv > Sastra Jawa > Sastra Jawa Modhèrn > Banjire Wis Surut

Banjire Wis Surut, kuwi buku kumpulan crita cekak anggitane J. F. X. Hoery, minangka salah siji saka atusan crita cekak kang ditulis wiwit taun 1970-an. Diterbitake dening Sanggar Sastra Pamarsudi Sastra Jawi (Bojonegoro) (PSJB) kanthi kerjasama karo Penerbit Narasi ing taun 2006. Didaftar jroning: ISBN 979-7564-92-4

Ana 17 crita cekak kang dikumpulaké jroning kumpulan crita cekak iki, yakuwi:

  • Angin wengi segara kidul, nyritakaké Anto kang lagi mulih saka Cepu menyang tanah klairané ing Pacitan lan patemoné karo Suryati, kenya ayu, putri pakliké dhéwé. (Kapacak ing Kalawarti Jaya Baya tanggal 6 Juli 1975).
  • Sunar Dewanti, ngisahaké Pak Frans, guru kang ditugasi menyang Kalimantan, banjur kepéncut marang salah siji muridé kang peparab Sunar Dewanti. (Kapacak ing Mekarsari tanggal 1 Desember 1975]).
  • Banjiré wis surut, crita tragedi si Midun tukang nglumpukaké pasir ing Bengawan Solo. (Kapacak ing Jaya Baya no.49 tanggal 3 Agustus 1975).
  • Mojang Kamojang, crita roman patemon antarané Istanto karo Kurniasih Mojang Priangan kang nyata sulistya, nalika tugas sing Kawah Kamojang, Garut. (Kapacak ing Mekarsari no.13 tanggal 1 September 1978).
  • Kasep, (Kapacak ing Mekarsari no. 4 tanggal 15 April 1979).
  • Dudu salahku. (kapacak ing Jaya Baya no. 65 tanggal 12 Juli 1981).
  • Panjaluke mbak Widya, (Kapacak ing Jaya Baya taun 1983).
  • Lien Nio atimu putih. (Kapacak ing Jaya Baya no. 11 tanggal 11 Nopember 1984).
  • Turis. (Kapacak ing Panjebar Semangat no.7 tanggal 14 Februari 1987).
  • Gunung Lomo sinaput pedhut. (Kapacak ing Jaya Baya no.51 tanggal 19 Agustus 1990).
  • Meja kursi. (Kapacak ing Jaya Baya no. 5 tangal 29 September 1996).
  • Cacat. (Kapacak ing Damar Jati no.19 tanggal 1-15 Desember 2005)
  • Lamaran. (Kapacak ing Damar Jati no. 25 tanggal 20 Juli 2006).
  • Titising panyuwun. (Kapacak ing Jaya Baya no. 25 tanggal 17-25 Februari 2002).
  • Ah!, (Kapacak ing Jaya Baya no. 2 tanggal 8 September 1991).
  • Tsunami. (Kapacak ing Jaya Baya no. 26 tanggal 22 Maret 2003).
  • Gambaré ora dadi mas!. (Kapacak ing Jaya Baya no. 02 tanggal 11 September 2005).

Karya liyané edit

  • Pagelaran, kumpulan geguritan.
  • Lintang abyor, antologi karo penulis liya.
  • Kabar saka Tlatah Jati, antologi karo penulis liya.
  • Blangkon, kumpulan crita cekak karo penulis Bojonegoro]
  • Bojonegoro Ing Gurit, kumpulan geguritan karo penggurit Bojonegoro.
  • Sosiawan-Sosiawan Kecil, kumpulan crita anak-anak.
  • Permaisuri Yang Cerdik, crita anak-anak
  • Sejarah Gereja Cepu (buku), bareng tim penulis sejarah gereja Cepu.
  • Sejarah Gereja Katolik Rembang (buku), Rembang
  • Sejarah Gereja Katolik Blora (buku), Blora
  • Sejarah Gereja Katolik Bojonegoro (buku), Bojonegoro
  • Sejarah Gereja Katolik Tuban (buku), Tuban.


Pranala njaba edit