Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Modhèrn/Angin Ketiga

Angin Ketiga (Trim Sutidja)

rodha bakal muter bali, Sumi
yèn langit klawu ing bang wétan
wis kesaput angin ésuk
lan kembang-kembang randhu
mangsa karo padha gogrok


kowé njur lunga menyang tegal, Sumi
nyambut gawé nganti soré
wenginé yèn wis sepi
kapangmu mesthi kumat manèh kaya mala
marga aku ana kutha
wis kejiret benang-benang sutra
lan katut malih dadi angka


Sumi,
aja kok kira kapangku wis mari
saben wengi dak tlusuri iliné kali Ciliwung
dak-golèki mbokmanawa ana serat-serating citramu
sing dak temu
sanadyan aku ngerti
iku sawijining dosa


yèn langit ing bang wétan
wis kesaput tekaning ésuk dina anyar
aku mesthi bali, Sumi
nalusur ing andhaning dhandhanggula
ngaras rambutmu lan tegal kita

(Kapacak ing kalawarti Jayabaya No.17, Oktober 1971)