Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Anyar/Suluk Wujil

Wb > jv > Sastra Jawa > Sastra Jawa Anyar > Suluk Wujil

Suluk Wujil kuwi pesen simbolik bab kasampurnaning urip kang diwedhar déning Sunan Bonang. Wujil kuwi sakbeneré jenengé abdi kinasih saka Prabu Brawijaya, raja Majapahit.

Petikané edit

  • Dipun weruh ing urip sejati
  • lir kurungan raraga sadaya
  • becik dèn weruhi manuké
  • rusak yèn sira tan wruh
  • hira Wujil salakunèki
  • iku mangsa dadia
  • yèn sira yun wruh
  • becikana kang sarira
  • awismaa ing enggon punang asepi
  • sampun kacakrabawa


  • Aja doh dera ngulati kawi
  • kawi iku nyata ing sarira
  • punang rat wus anèng kéné
  • kang minangka pandulu
  • tresna jati sarinèki
  • siyang dalu dèn awas
  • pandulu nirèku
  • punapa sekèh pracihna
  • kang nyateng sarira sakabèhé iki
  • saking sipat pakarya


  • Mapan rusak sajatinirèki
  • dadiné laan kaarsanira
  • kang tan rusak dèn wruh mangké
  • sampurnaning pandulu
  • kang tan rusak anané iki
  • minangka tuduh ing Hyang
  • sing wruh ing Hyang iku
  • mangka sembah pujinira
  • mapan awis kang wruha ujar puniki
  • dahat sepi nugraha.

Wacan edit

Sejarah Sastra Jawa. Dr. Purwadi, M.Hum., Panji Pustaka Yogyakarta, cithakan kapisan taun 2007.ISBN 979-25-2725-10