Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Anyar/Serat Nitisruti

Wb > jv > Sastra Jawa > Sastra Jawa Anyar > Serat Nitisruti

Serat Nitisruti kuwi warisan kraton Pajang, déning karsa dalem Pangeran Karanggayam kang mènèhi tuladha marang raja-raja Jawa bab ngèlmu sosial kotèmporèr, kanggo nggayuh kamajuan, kasajahtran lan kaslametan ing tanah Jawa.

Petikan edit

Dhandhanggula edit

  • Mamanising wasita kaèsthi
  • Nitisruti kang sinudarsana
  • tinulad ing sapantesé
  • panetan kang pakantuk
  • lan jumaking jaman samangkin
  • tujuning kamajengan
  • asedya arjayu
  • yuwananing nuswa jawa
  • aywa kongsi kalantur-lantur kawuri
  • kewraning pangawikan


  • Nguni-uni pra paramengkawi
  • kawileting ring reh pangawikan
  • kang mikani ing kajatèn
  • temah katrem katungkul
  • kanikmaten kawruhing pati
  • dadya kadunyanira
  • kawuri kalantur
  • awit datan ginraita
  • marma mangkya karsaning pra sarjanadi
  • binudi mring widagda


  • Widada ing kadunyan supadi
  • bangkit dadya ruhuring sarajad
  • mrih kapraptan sakajaté
  • nanging aywa kalimput
  • tialr talèr tataning nguni
  • Nitisruti tinilas
  • talesing sedyayu
  • supadya tanceping cipta
  • awya oncat careming sarita Jawi
  • mengkana kang wasita


  • Jatinira tyas kadya angganing
  • sinilem ing samodra dahana
  • nging paksa tumimbul baé
  • satemah sinung pémut
  • nujweng ari Budhaka manis
  • Sura candra purnama
  • ing warsaka: Wawu
  • punang sangkala kaétang
  • bahni maha astra candra duk manganggit
  • Nitisruti pustaka


...

Sinom edit

  • Tyas kumlungkung kumawagya,
  • luwih maning lamun uwis,
  • munggwing luhuring turangga
  • ngembat watang numbak siti
  • katon èstanya kadi,
  • kurang mungsuhing ngapupuh,
  • anyadèraken kuda,
  • mamprung alok cerik-cerik,
  • kang mangkana mung samono notoging prana.
  • Dhapur amerang langenan,
  • para tandang nyanyampahi,
  • tandha candhula-candhala,
  • mumawawa angarani,
  • sabar mring liyan janmi,
  • tan wruh lamun dhèwèkipun,
  • katon ing jerihira,
  • angucira nora wani,
  • kang mangkana iku tingkah tan prayoga.

Asmarandana edit

Mijil edit

Durma edit

Pucung edit

Kinanthi edit

Megatruh edit

Wacan edit

Sejarah Sastra Jawa Dr. Purwadi, M.Hum., Panji Pustaka Yogyakarta, cithakan kapisan taun 2007 ISBN 979-25-2725-10