Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Anyar/Serat Cemporèt/Pupuh I Serat Cemporèt

Wb > jv > Sastra Jawa > Sastra Jawa Anyar > Serat Cemporèt > Pupuh I Serat Cemporèt

Pupuh I Serat Cemporèt

Dhandhangula 54 pada

  1. Songsong gora candraning hartati, lir winidyan sarosing parasdya, ringa-ringa pangriptane, tan darbe labdeng kawruh, angranuhi wenganing budi, kang mirong ruhareng tyas, jaga angkara nung, minta luwaring duhkita, hawya kongsi kewran lukiteng kinteki, kang kata ginupita.
  2. Pangapusing pustaka sayekti, saking karsa dalem Sri Narendra, kang kaping sanga mandhireng, Surakarta praja gung, sumbageng rat dibyadi murti, martotama susanta, santosa mbek sadu, sadargeng galih legawa, sih ing wadya gung alit samya memuji, raharjeng praja nata.
  3. Nahan mangkya mukyaning kekawin, wasitadi dadya sudarsana, salaksananing barang reh, rumuruh kang rahayu, mangka pemut limuting budi, dumadi tan sangsaya, wahyeng wuryaningipun, kang pustaka raja wedha, winardya ring tepa palupining nguni, prajeng Purwacarita.
  4. Dahat karta arjaning nagari, kawibawan prabaweng narendra, kang kasebut bisikane, Prabu Sri Mahapunggung, denirambek sudarma niti, widagdeng pangawikan, kamulaning dangu, Sang Prabu Suwelacala, putra jalu nenem samya pekikpekik, sembada mandraguna.
  5. Kang asepuh prbadi wewangi, Raden Jaka Panuhun punika, remen olahing tetanen, marma jumeneng ratu, angreh sagung wong among tani, Tanah Paglen sadaya, lan saurutipun, akarya kutha wangunan, nama Prabu Sri Manuhun amengkoni, ing Paglen Kuthaarja.
  6. Putra ingkang panenggak winanrni, sira Raden Jaka Sandhanggarba, lampah dagang karemane, dahat denya manungku, sangkaning reh mardya marsudi, dadining artadaya, marwanireng dangu, jumeneng ratu sudagar, akekutha ing Japara nama ngalih, Sang Prabu Sri Sadhana.
  7. Panengahing putra awewangi, sira Raden Jaka Karungkala, sabeng wana karemane, ambedhag ambubujung, kidang sangsam bantheng jejawi, myang memikat kukila, prapteng wredanipun, jumeneng ratu kirata, angreh para grema tuhaburu tuwin, kalang jagall sadaya.
  8. ...