Wb/jv/Resèp/Mangut

< Wb‎ | jv‎ | Resèp
Wb > jv > Resèp > Mangut

Mangut iku sawijining masakan arupa janganan asal saka Blora lan tlatah saubenge. Bahan dasar masakan iki arupa iwak panggang “Pé”, yaiku sajenis iwak pari yang diproses kanthi pengasapan nganggo kayu khusus saéngga ngasilaké aroma sing khas. Paling sedhep dicampur témpé lan lombok ijo terus dibumboni lan digodhog nganggo santen. Saliyané dimasak mangut, panggang iwak “Pé” uga énak dipenyèt nganggo sambel trasi.

Bahan edit

10 potong tempe, 5 potong iwak panggang/ iwak asap, Santen saka 1 butir klapa, Pete sacukupé, Minyak goreng sacukupé. Bumbuné : 12 siung brambang, 8 siung bawang putih, Lombok ijo keriting sakcukupé, 1-2 ruas laos, 3 lembar godhong salam, 1 ros kunir, 3 butir tomat ijo.

Cara masak edit

1. Iris brambang, bawang putih lan lombok ijo malang-malang. 2. Tumis sing wis diirisi nganti mambu wangi. 3. Sisihkan bumbu yang ditumis ning njero wajan. 4. Cemplungno tempe, laos, kunir lan godhong salam. 5. Cemplungno santen, udhek lan di neng ké nganti umob. 6. Cemplungno iwak pe sing wis di iris-iris ning njero santen lan udheg nganti rata. 7. Tambahké gula secukupé.