Wb/jv/Resèp/Gethuk

< Wb‎ | jv‎ | Resèp
Wb > jv > Resèp > Gethuk

Gethuk iku panganan cilik (kudhapan/jajanan) sing utamané digawé saka puhung (singkong). Gethuk iku panganan sing gampang ditemoni ing Jawa Tengah lan Jawa Wétan]].

Bahan - bahan edit

Bahan sing diperlokaké kanggo nggawé gethuk iku:

  • Banyu kanggo nggodhog
  • Puhung
  • Uyah
  • Gula pasir / Gula jawa
  • Bahan pawarna
  • Klapa diparut

Yèn kepengin olèh gethuk sing warnané putih sabeciké nganggo gula pasir, kanggo sing warnané abang, sabeciké nganggo gula jawa banjur yèn kepengin warna ijo bisa nganggo peresan godhong suji.

Cara nggawé gethuk edit

  1. Pohong dioncèki kulité, banjur dikumbah resik lan diiris-iris kurang luwih 5 cm.
  2. Godhogen puhung nganti mateng, angin-anginen nganti kukusé ilang.
  3. Campuren puhung - uyah sithik - gula. Lumaten nganti lembut.
  4. Wèhana bahan pawarna yèn seneng.
  5. Sajèkna anget-anget karo parutan klapa sing ditawuraké ing ndhuwuré.

Gethuk biasané disajèkaké kanggo cemilan karo ngombé tèh. Salah sijining variasi gethuk iku carané karo digorèng.