Wb/jv/Resèp/Bothok

< Wb‎ | jv‎ | Resèp
Wb > jv > Resèp > Bothok

Bothok

Bahan edit

  • Siji klapa (anom) diparut
  • Peté cina/mlandhing sacukupé
  • Teri medan sacukupé
  • Témpé (dikukus lan dipotong dhadhu)
  • Urang (dioncèki kulité, dipotong cilik-cilik)
  • Godhong gedhang kanggo mbungkus

Bumbu edit

  • 5 iji lombok abang
  • 8 iji lombok ijo diiris
  • 8 iji brambang
  • 6 siung bawang
  • 1 1/2 séndhok teh ketumbar
  • kencur sacukupé
  • godhong salam, laos
  • penyedap lan trasi yèn seneng

Cara panggawéné edit

  • Kabèh bumbu diuleg alus, kajaba salam, laos lan lombok ijo. Banjur campurké klapa parut, tambahké irisan lombok ijo lan mlandhing.
  • Bungkus nganggo godhong gedhang, lan ing saben bungkusé tambahen sakcuwil laos lan sak lembar godhong salam.
  • Kukus nganti kurang luwih 45 menit.
  • Bothok wis siap disajèkna