Wb/jv/Réyog

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Réyog

Réyog iku salah sijining seni rakyat sing asalé saka Jawa Wétan sisih kidul-kulon sakiwa-tengené Kabupaten Panaraga. Ing tlatah iki kondhisi sosio-budaya isih sarat mawa prakara-prakara magis lan aliran kebatinan Kejawèn isih kuwat. Kesenian réyog iki isih kuwat gandhèngané karo praktèk magis turunaning para leluhur.

Pamentasan seni réyog edit

Réyog modhèrn biyasané dipentasaké nalika ana prastawa-prastawa wigati kaya ta ritus-ritus passage, contoné wong kawinan lan tetakan (supitan) lan dina-dina gedhé nasional.

Seni Réyog Panaraga kasusun saka sawetara rangkaian 2 nganti 3 jogèdan pambuka. Jogèdan kapisan biyasané dipentasaké déning 6 nganti 8 priya gagah kendel sing klambènan werna ireng lan rainé dipolèsi werna abang. Para panjogèd iki nggambaraké sosok singa sing kendel. Sawisé ana jogèdan sing dipentasaké déning 6 nganti 8 bocah wadon sing numpaki jaran. Ing réyog tradhisional, para juru jogèd iki biyasané diperanaké déning wong-wong lanang sing nganggo klambi wadon. Jogèdan iki diarani tayuban jaran képangan. Jogèdan pambuka liyané yèn ana biyasané dipentasaké déning bocah cilik sing mentasaké adhegan lucu.

Sawisé jogèdan pambuka bubar, lagèk dituduhaké adhegan inti sing isiné gumantung karo prastawa sing mentasaké seni réyog. Yèn gandhèngané karo kawinan, banjur adhegan asmara sing dipentasaké, yèn tetakan ya biyasané carita laga.

Adhegan ing seni réyog biyasané ora miturut skénario sing kasusun rapi. Mesthi ana interaksi antara pemain lan sang dhalang (biyasané pamimpin rombongan) lan sok-sokan karo penonton. Kadhangkala pemain sing lagi pentas bisa digantèni karo pemain liyané yèn dhèwèké kesek. Sing utama ing seni pementasan réyog iku bèn sang penonton marem.

Adhegan pungkasan iku arupa singa barong, para pemainé nganggo topèng awujud endhas singa mawa makutha sing dipahési mawa wulu-wulu merak. Topèng iki aboté bisa nganti 60 kg. Topèng sing abot iki digawa karo penontoné mawa dicokot karo untuné. Sing ngangkat kudu sing wis kuwat lan bisané katekan kudu karo latihan sing abot lan dipracayani uga bisané olèh déning latihan spiritual kaya ta pasa lan mbangun tapa.

Tuladha pamentasan Reyog edit

Minangka pambuka pagelaran, para Warok tampil kanthi gagah lan "sangar" nandhakaké kawibawaané. Banjur disusul déning Jathil kang nggambaraké pasukan numpak jaran kang tugasé dadi pengawal. Pujangganong nyusul kanthi ciri khas topèng sangar, nduwèni solah kang lincah jroning paprangan, lucu, lan prigel. Pujangganong, Patihé Prabu Klono Sewandono kang minangka Raja Krajan Wengker (Ponorogo). Pungkasané, muncul Dhadhak Merak, nggambaraké Singa Barong kang dadi saingané Prabu Klono Sewandono jroning ngrebutaké Dewi Songgolangit, putri saka Krajan Kedhiri.

Kontrovèrsi edit

Seni jogèdan réyog diklaim déning Malaysia dadi darbèné negara iki ing situs wèb resmi Kementrian Kebudayaan, Kesenian dan Warisan Malaysia. Jogèdan Réyog sing diklaim Malaysia dijenengaké Tari Barongan, lan unsur-unsuré padha, namung caritané diènggokaké dadi "Caritaning Nabi Suléman". [1]

Prakara iki dadi kontrovèrsi lan gègèran ing sasi Novèmber 2007. Rakyat Panaraga wadul lan nyuwun marang bupati Panaraga supaya protès karo pamaréntah Malaysia.

Cathetan sikil lan referensi edit

Wacan edit

Pranala njaba edit